1.The Opening

  1. Awit ingkang asma Allah kang Maha Murah tur kang Maha Asih
  2. Kabeh puji iku kagungane Allah kang mangerani 'alam kabeh
  3. Kang Maha Murah tur kang Maha Asih
  4. Kang ngratoni ing dina Agama
  5. Namung dhumateng Padhuka kawula manembah, lan namung dhumateng Padhuka kawula nyuwun pitulungan
  6. Dhuh Allah, mugi nedahna margi leres dumateng kawula
  7. (Inggih punika) marginipun para tiyang ingkang sami padhuka paringi nikmat dede (marginipun) tiyang ingkang sami kesasar. (Mugi-mugi Panjenengan nyembadhani panyuwun kawula)