102.Competition

  1. Sumugih iku nglalekake anggonira ngabekti ing Allah
  2. Nganti tekan anggonira ngalih marang kubur
  3. Anggonira sumugih iku luput, ing tembe sira mesthi weruh nyatane
  4. Luput temenan panemu ira, ing tembe sira weruh temenan nyatane
  5. Temen, menawa sira weruh ilmu kang nyata mesthi ora lali ngabekti ing Allah
  6. Ing tembe sira mesthi andeleng neraka jahim
  7. Handeleng kelawan kasat mata
  8. Sira banjur didangu sarupaning kabungahan paparinging Allah nalika ing donya, ya gene ora padha syukur