4.The Women

  1. He Manungsa kabeh, sira padha bektia ing Pangeranira, kang wis nitahake saka awak siji lan banjor nitahake bojone dititahake saka bagiane awak siji mau sarta kang wis nyebar saka sakarone iku priya lan wanita kang akeh. Lan sira padha bektia marang Allah kang padha sira anggo gegaraning panyuwun lan (sira aja medhot) sih. Satemene Allah iku nguwasake ing sira kabeh
  2. Lan sira padha menehna bandhane bocah Yatim sarta sira aja nglironi bandhane kang becik, sira ijoli kang ala. Lan aja mangan bandhane bocah Yatim mau sira campur bandhanira. Satemene wong kang mengkono iku dosa gedhe
  3. Dene menawa sira padha kuwatir ora bakal tumindak adil tumrape bandhane bocah yatim (lan kuwatir ora bakal bisa adil tumrap pandumira marang bojo) sira padha nikaha (rabia) wong wadon kang dadi condhoning atinira, ngloro nelu utawa mapat bae. Dene yen sira meksa isih kuwatir ora bakal bisa tumindak adil, iya rabia (nikaha) wong wadon mung siji bae, utawa nerimaa mung wong wadon tukon darbeking tanganira bae, kang mengkono iku luwih cedhak sumingkir saka tumindak nganiaya
  4. Lan sira mbayara mas kawining wong wadon, minangka paweweh. Dene yen wong wadon mau wis ridha mas kawine marang sira, mas kawin mau sira pangana kelawan enak
  5. He wong kang padha nguwasani bandhane bocah sakpepadhane, bocah kang padha ngebreh bandhane, aja sira wenehake, kersane Allah bandha mau dicekelake sira kanggo ngopeni bocah mau. Sira padha ngingonana lan sira padha nyandangana bocah mau kelawan bandhane. Lan sira padha nandukna tembung manis tur kepenak marang bocah mau
  6. Lan sira padha nitipriksa kahananing bocah yatim nganti tekan dewasa (baligh wayahe rabi). Ing kono manawa muturut panimbangira bocah yatim mau wis pinter, bandhane nuli sira wenehake marang bocah mau. Lan sira aja wani-wani mangan bandhane bocah yatim kelawan ora bener nggege entek ing bandha mau. Lan sapa kang nguwasani bandhane bocah yatim iku sugih, aja mangan babar pisan marang bandhane bocah yatim. Nanging yen kekurangan, ya mangana bandhane kelawan becik (bener). Dene manawa sira padha masrahake bandhane bocah yatim kang nduweni bandha mau, sira padha neksekna temene bocah yatim mau wis nampa bandhane. Lan wis cukup Allah dadi Panimbang
  7. Wong-wong lanang padha duwe panduman saka barang tetinggalane wong tuwa loro (bapabiyung) utawa saka sanak sedulure. Wong-wong wadon iya padha duwe panduman saka barang tetinggalane wong tuwa loro (bapabiyunge) utawa saka sanak sedulure, ana kang mung nampa sethithik utawa akeh. Mangkono iku panduman kang wis tinamtokake
  8. He wong kang padha tampa panduman waris, manawa anak sanak sadulur kang benere ora oleh panduman, lan bocah yatim, apa dene para wong miskin padha teka meruhi pengedume barang tinggalan iku padha sira ujurana (sadurunge barang mau dibage marang para waris kang mesthi nompa) lan padha sira tandukana tembung kang becik lan manis
  9. Lan sira padha nguwarna wong kang padha lara banget, kang manawa mati sarta sapungkure tinggal anak cilik. Anak cilik mau dikuwatirake mbokmanawa ora kopen, mulane sira padha bektia marang Allah, lan mituturana marang wong kang lara mau kelawan pitutur kang becik
  10. Satemene wong kang padha mangan bandhane bocah yatim kelawan panganiaya iku prasasat ngiseni wetenge kelawan geni neraka, ing besuk bakal dicemplungake ing neraka Sa'ir
  11. Allah wis paring dhawuh marang sira kabeh tumrap anak tinggalanira, pandumaning anak lanang siji padha karo pandumaning anak wadon loro, dene yen anak mau wadon kabeh kehe loro sapendhuwur, pandumaning rong proteloning barang tinggalan. Dene yen anak wadon mau mung siji, iku pandumane oleh separoning barang tinggalan. Dene bapa lan biyunge wong kang mati siji-sijine oleh panduman sakpraneme barang tinggalan, semono iku manawa kang mati mau tinggal anak. Dene yen ora tinggal anak, mung tinggal bapa lan biyung wae (utawa nganggo tinggal bojo) iku pandumaning biyung oleh saperteluning barang tinggalan. Dene manawa kang mati mau tinggal sadulur (lanang lan wadon loro sak pendhuwur) iku pandumaning biyung oleh sakpranem, samono iku saturahe dienggo nglestarekake wewekas kang diwekasahe (wasiyat) utawa dienggo nglunasi utange wong kang mati mau. Bapakinge sapenduwuran para anakira ora ana kang weruh mungguh bapa ana kang weruh mungguh bapa lan anak mau endi kang akeh lerege mikolehi marang sira. Pangendum kang mangkono mau ditemtokake dening Allah. Satemene Allah iku Nguningani lan Wicaksana
  12. Lan sira padha duwe panduman separoning barang tetinggalan rabinira kang mati, iku manawa rabinira mau ora tinggal anak. Dene yen tinggal anak, sira mung oleh panduman saprapating branang tetinggalane rabinira, iku saturahe dienggo nglestarekake wasiyat kang diwasiyatake dening rabinira, sarta dienggo mundhuti (nyauri) utange. Para rabinira duwe panduman saprapating barang tinggalanira yen sira mati, iku manawa sira ora tinggal anak. Dene yen sira tinggal anak, rabinira mung oleh panduman saprawoluning barang tinggalanira, iku saturahe dienggo nglestarekake wasiyat kang sira wasiyatake, sarta dienggo mundhati utange. Dene manawa ana wong lanang utawa wong wadon mati ora tinggal bapa utawa kaku utawa anak, ing mangka tinggal sedulur kang mung tunggal tinggal sedulur kang mung tunggal biyung wae lanang utawa wadon, iku yen sedulur tinggal biyung mung siji wae, pandumane sapranem barang tinggalan. Nanging yen sedulur tunggal biyung mau luwih saka siji, pandumane saprateluning barang tinggalan, diendum rampak sakancane padha sedulur tunggal sakancane padha sedulur tunggal biyung (lanang wadon padha wae), mangkono iku saturahe dienggo nglestarekake wasiyat kang diwasiyatake dening kang mati mau, apa dene dienggo mundhati utange, tur wasiyat mau ora ndadekake kemlarataning (kapitunaning) ahli waris kang kasebut mau. Iku dhawuh saka Allah. Dene Allah Maha Ngudaneni sarta Maha Sabar
  13. Kabeh kang wis kasebut mau iku angger-anggere Allah. Lan sing sapa ngestokake (dhawuhe) Allah lan Utusane, Allah mesti ngganjar marang wong mau, dilebokake suwarga kang ana bengawane mili ana sangisore wit-witan, ana kono padha langgeng, iya kaya mangkono kabegjan kang agung
  14. Dene sing sapa duraka ing Allah lan Utusane, apa dene nerak angger-anggere Allah, Allah bakal nyiksa marang wong mau, dicemplungake neraka, ana kono padha langgeng sarta dipatrapi siksa kang ina
  15. (Para wong kang padha nyekel kabenaran) mungguh para wanita kang padha nglakoni ala (zina) iku padha sira golekna saksi lanang papat. Manawa wong papat mau wis padha nyekseni anggone zina, wanita mau banjur sira kunjaranen, (kurungen) ana sajroning omah, nganti dheweke mati utawa nganti Allah ndamel dalan marang dheweke (lepas saka anggone dikurung utawa dikunjara)
  16. Dene yen ana wong loro kang nindakake laku ala (zina) iku padha pilaranen dene wong loro mau banjur padha tobat, lan padha mbecikake kelakuane, yen wis nengna wae. Satemene Allah kepareng nampa tobate para kawula sarta Maha Asih
  17. Satemene tobat (kang ditampa) dening Allah iku tumrap wong kang nglakoni laku ala kang padha klimput atine (jalaran saka ora mangerti), kang ora antara suwe banjur tobat. Wong kang mangkono iku diparengake tobate dening Allah. Allah iku Ngudaneni tur Maha Wicaksana
  18. Tobat iku ora tumrap wong kang nglakoni laku ala pirang-pirang, kang nganti tekan waktu mati lagi matur: "Ing sapunika kawula tobat". Lan ora tumrap wong kang padha mati kafir. Wong mangkono mau Ingsun ancam kelawan siksa kang nglarani
  19. He wong kang mukmin kabeh, tumrap sira ora bakal halal maris bandhane para wanita kelawan peksan. Lan sira aja padha nyegah wong wadon mau manawa arep omah-omah maneh. Pamrihe supaya sira bisa ngilangake seperangane bandha kang sira wenehake marang dheweke, kajaba yen wanita-wanita mau wis terang anggone nindakake laku ala (zina). Lan sira supaya nyrawungi marang wanita-wanita mau kelawan becik. Dene manawa sira ora dhemen marang wong wadon mau, (sira antekna dhisik) mbokmanawa sira gething marang sawijining barang, nanging Allah nitahake kabecikan pirang-pirang ana ing barang kang sira gethingi
  20. Lan manawa sira duwe sedya arep ganti bojo (arep rabi maneh) mongka sira wis mbayar utawa nganggemi maskawin bandha akeh marang bojo kang ora sira dhemeni, iku sira aja pisan-pisan ngelongi maskawin mau sethithik-thithika, (yen sira nganti nglakoni) apa sira ngepek maskawin kelawan panganiaya lan dosa kang wis terang
  21. Kapriye yen sira nganti padha ngelongi (jupuk) maskawine, kang mongka sira wis kelakon saresmi karo bojonira sarta dheweke wis padha ngalap perjanjian kukuh saka sira kabeh
  22. Lan maneh sira aja padha ngrabeni wong wadon kang wis nate diningkah (dirabi) dening bapa utawa embahira, kajaba kang wis kebanjur biyen. Satemene kang mangkono iku jember lan kabendon dening Allah sarta ala-alaning dalan
  23. Lan sira (uga) dilarangi angngrabeni biyungira lan anakira wadon lan sadulurira wadon, lan sadulure wadon bapakira lan sadulure wadon biyungira, lan anake wadon sadulur wadon lan biyungira inya kang wis nyusoni ing sira lan sedulurira wadon tunggal suson lan biyunge rabinira lan anakira kuwalon kang kelumrahane ana ing pangkonira, metu saka rabinira kang wis becik (cumbana). Dene yen sira durung becik (cumbana) lan rabinira, ora ana pakewuhe sira ngrabeni anakira kuwalon. Lan dilarangi maneh tilas rabine anakira lanang kang patutan saka sira dhewe lan maneh sira dilarang wayuh wanita loro kang padha sedulur, mengkono mau kajaba wis kebanjur biyen. Satemene Allah iku Maha Pangapura lan Maha Asih
  24. Lan maneh sira padha dilarangi ngrabeni wong wadon kang somahan (kang duwe bojo) kajaba wanita (jariah) kang kadarbe ing sira, Allah nemtokake kang mangkono mau marang sira kabeh, lan sira padha dililani ngupaya bojo wanita, liyane kang klebu ing larangan mau, sarana maskawin bandhanira, dadi sira padha ora aran zina, aran sesomahan, endi wanita kang sira anggo kebungahan karabi ing sira bayara maskawin kang kasebut ing nikah, sawise maskawin mau ditemtokake akeh sethithike. Manawa sira sarta wanita mau padha narima mundhaking maskawin utawa sudane, yen ora ana pakewuhe. Satemene Allah iku Maha Ngudaneni sarta Wicaksana
  25. Lan sing sapa saka sira kabeh ora kuwat mbayar mas kawin kanggo wong wadon merdika kang mukmin, iya nikaha (ngrabiya) wong wadon kawula kang mukmin, kang kadarbe ing liyan. Allah iku Ngudaneni setia lan orane anggonira mukmin. Yen lahira sira anggonira mukmin. Yen lahira sira lan wong wadon kawula kang resik, ora gelem zina, ngedheng utawa dhelikan. Sira nikaha klawan ridlaning bendarane, lan sira mbayara maskawine klawan ganep. Manawa wong wadon kawula mau wis kelakon omah-omah, kang mongka mbanjur nglakoni kang mongka mbanjur nglakoni zina, iku patrapane saparoning patrapane wong wadon merdika. Dene kenane ngrabeni wong wadon kawula kang jalaran ora kuwat mbayar maskawine wong-wong wadon merdika, iku tumrap wong kang kuwatir mbok manawa nglakoni zina. Ewa dene yen sira kuwat sabar ora ngrabeni wong wadon kawula lan uga ora zina, iku tumraping sira luwih becik. Dene Allah iku Maha Pangapura lan Maha Asih
  26. Allah iku kersa nerangake laku-lakuning agama marang sira kabeh lan paring pituduh laku-lakuning para Nabi sadurungira lan kersa nampa tobatira. Dene Allah iku Maha Ngudaneni sarta Maha Wicaksana
  27. Allah kersa nampa tobatira kabeh. Dene wong-wong kang padha nggugu hawa nafsune (wong Yahudi lan wong Nasrani) iku padha pamrih supaya sira kabeh padha nyleweng temenan (saka barang kang bener)
  28. Allah kersa ngenthengake marang sira kabeh, jalaran manungsa iku dititahake apes
  29. Para wong mukmin kabeh, sira aja mangan bandha-bandhanira ana ing antaranira kelawan batal, kajaba yen bandha mau arupa dagangan kang wis krana lila, lan sira aja padha mateni awakira dhewe, jalaran satemene Allah iku Maha Asih marang sira kabeh
  30. Lan sing sapa tumindak kang mengkono iku nglanggar wates lan nganiaya, temen Ingsung nutup (ngilangi) kaluputanira (kang cilik) bakal nyemplungake dheweke ana ing neraka. Lan kang mengkono iku mungguhing Allah gampang
  31. Menawa sira padha nyingkiri larangan (dosa) gedhe kang tumrap marang sira kabeh, mesthi tumindak ala kang sira tindakake Ingsun tutupi (dosa-dosa cilik) Lan sira bakal padha Ingsun lebokake ing suwarga kang Mulya
  32. Lan sira aja padha kemeren, ngarep-ngarep kabegjan kang wis diparingake dening Allah marang saweneh saka sira ngungkuli liyane. Para wong lanang padha duwe panduman pituwase barang kang wis padha ditindakake. Para wong wadon uga padha duwe panduman pituwase barang kang wis ditindakake. Sira padha nyuwuna sih kanugrahaning Allah. Satemene Allah iku ngudaneni marang samubarang
  33. Lan tumrap siji-sijine wong (mati) Ingsun wis ndadekake ahli waris tumrap barang tetinggalane, (yaiku) wong tuwane loro lan para sanak sadulure. Lan (menawa ana) wong-wong padha perjanjian kanthi supawa (kawula), jalaran saka iku sira padha menehna wong-wong mau. Satemene Allah iku Maha nekseni marang samubarang
  34. Para wong lanang iku padha nguwasani (dadi Pemimpin) marang para wong wadon, jalaran anggone Allah ngluwihake wong lanang ngungkuli wong-wong wadon, lan jalaran anggone dheweke wis aweh nafkah nganggo bandhane, Mulane wong wadon kang becik iku mesthi manut miturut (tha'at) marang lakine (bojo), tur rumeksa ing wadine (ora sedheng) kelawan pangreksane Allah kang wis didhawuhake. Dene wong wadon kang sira kuwatirake wangkal (ora manut miturut), iku sira pituturan kang becik, yen meksa wangkal, nuli sira ngedohna saka paturone. Yen meksa isih wangkal, sira gitiki. Dene yen banjur manut miturut marang sira, aja sira goleh-golekake perkara. Satemene Allah iku Maha Luhur lan Maha Agung
  35. (He wong kang padha nyekel bebeneran), menawa sira padha kuwatir (weruh) pasulayaning wong bebojoan nuli sira padha nganakna juru pemisah , saka sadulure kang lanang lan sijine saka sanake kang wadon . Sabanjure menawa juru pemisah loro-loro mau karep gawe becik, Allah bakal nulungi antarane wong loro mau. Satemene Allah Maha Ngudaneni sarta Maha Waspada
  36. LAn sira padha manembaha Allah, lan aja nyekuthokake Allah kelawan barang liyane. Lan padha gawea becik (ngabekti) marang wong tuwa loro, lan para sedulurira, lan para bocah Yatim, lan para wong miskin, lan tangga lan para wong miskin, lan tangga cedak kang isih sanak, lan tangga kang adoh lan kanca kang raket lan marang Ibnu Sabi (wong kang pinuju lelungan), apa dene kawula kang kadarbe ing sira. Satemene Allah iku ora remen wong kang gumedhe lan ngunggul-ngunggulake kaluwihane
  37. (Yaiku) wong-wong kang medhit (kumel) lan kang ngajak-ngajak para manungsa supaya padha medhit, lan padha ngumpetake peparinging Allah kang wis diparingake marang wong mau. Lan Ingsun ngancam marang wong kafir kanthi siksa kang ngasorake
  38. (kajaba wong kafir), Ingsun uga ngancam wong kang padha dermakake bandhane nganggo diweruhake ing wong (murih dilem) lan pra percaya ing Allah, apa dene ora percaya marang anane dina qiyamat. Dene sing sapa duwe kanca syetan iku weruha menawa syetan iku kanca kang ala banget
  39. Apa ta pakewuhe upama wong-wong padha gelem percaya marang Allah lan dina Qiyamat sarta padha gelem ndermakake bandha kang wis diparingke dening Allah? Allah iku ngudaneni marang wong-wong mau kabeh
  40. Satemene Allah iku ora kersa nganiaya sanajan mung sabobote semut kang cilik. Dene menawa ana amal-amale iku becik, Allah bakal maringi ganjarane tikel-matikel, sarta bakal maringi ganjaran kang agung saka ngarsane
  41. Kapriye bakal kedadeyane wong-wong kafir mau besuk nalika Ingsun nekakake saksi saka saben-saben ummat, lan Ingsun nekakake sira (Muhammad) supaya dadi saksi tumrap wong-wong kafir mau
  42. Ing dina iku sarupaning wong-wong kafir lan wong-wong kang padha duraka ing Rasul, luwih seneng (bungah) awake sirna dadi lemah, lan padha ora bisa ngumpetake paturan marang Allah nelaki tumindake kang ala kang wis ditindakake
  43. He wong kang padha mukmin kabeh, sira aja padha nindakake sholat menawa sira lagi mendem, kajaba menawa sira kabeh wis padha mangerti apa kang sira ucapake, lan aja padha nindakake shalat menawa sira padha junub (mentas cumbana), kajaba wong kang pinuju lelungan, lumaku ana ing dedalan, nganti sira padha adus. Dene yen sira pinuju lara utawa ana sajroning lelungan, utawa salah sawiji nira mentas teka saka jamban, utawa sira senggolan karo wong wadon (cumbana), iku yen sira padha ora oleh bangu, sira banjur padha tayamum nganggo lebu kang resik (suci), nuli padha ngusapa rahinira lan tanganira. Satemene Allah iku Maha Agung sarta Maha Pangapura
  44. Apa sira Muhammad ora sumurup wong-wong kang diparingi Kitab (Yahudi lan Nasrani) malah padha ngijoli kanthi barang sasar sarta padha duwe karep arep nasarake marang sira saka dalan kang bener
  45. Dene Allah iku ngudaneni marang para saterunira. Lan pangreksane Allah wis cukup marang sira. Lan semono uga pangayomane Allah marang sira iya wis cukup
  46. Sawenehe wong-wong Yahudi ana sagolongan kang padha ngowahi tetembungane Kitab Taurat, ana tetembungan kang dibuwang saka panggonane (banjur disalini tetembungan liyane), lan padha matur marang Kanjeng Rasul: "Pangandika panjenengan sampun kula mirengaken, nanging kula sami mbangkang (mopo). panjenengan kula aturi mirengaken, nanging boten dipun gatosaken", sarta pangucape maneh: "Raa'Inaa", dheweke padha mutar balik klawan lisane, sarta natoni (nyenyamah - nacat) agama. Saupama dheweke iku padha ngucap: "Kita sami mireng lan kita sami ndherek, panjenengan kula aturi mirengaken sarta mugi panjenengan nyrantosaken dhateng kita", temen kang mengkono iku luwih becik lan luwih jejeg, nanging Allah wis bendoni (nglaknati) marang dheweke kegawa anggone padha kafir. Mulane ora padha gelem percaya kejaba mung sethithik
  47. He para wong kang padha diparingi Kitab, sira padha percaya ing kitab Qur'an kang wis Ingsun turunake, kang mbenerake marang kitab cecekelanira, mumpung Ingsun durung ngrusak rahi pirang-pirang, kang sabanjure padha Ingsun inger marep marang mburi, utawa mumpung Ingsun durung mbendoni marang wong mau kaya anggoningsun mbendoni para Bani Israil kang padha kaluputan nyambut gawe, ana ing dina Sabtu (Ingsun salini rupa kethek). Dene kabeh prentahe (dhawuhe) Allah iku mesthi kaleksan
  48. Satemene Allah iku ora bakal ngapura menawa panjenengane nganti disekuthokake, nanging panjenengane ngapura saliyane kang mengkono marang wong-wong kang dadi keparenge kersane. Dene sapa kang nyekuthokake marang Allah, iku setemene dheweke iku tumindak dosa kang gedhe
  49. (Muhammad), apa sira durung sumurup wong-wong (Yahudi lan Nasrani) kang padha sumuci-suci nucekake awake dhewek (iku ora bener, dnee kang bener) Allah iku nucekake wong kang dadi kepareng kersane. (Wong Yahudi lan wong Nasrani kaya mengkono mau mesthi padha disiksa). Lan dheweke iku ora bakal padha dikaniaya sethithik-thithika
  50. Sira ndelenga kepriye anggone wong-wong mau padha gawe gegorohan marang ngersane Allah, lan wis cukup mengkono iku (dadi) sawijining dosa kang tetela
  51. Apa sira (Muhammad) durung sumurup marang wong-wong kang padha wis diparingi panduman saka kitab? Dheweke padha percaya marang berhala kang aran Jibti lan Thaghut, sarta padha ngucap marang kancane kang padha kafir, menawa wong-wong mau luwih oleh pituduh marang dalan kang bener ngungkuli wong-wong kang padha percaya
  52. Wong kang mengkono iku tetap padha dibendoni (dila'nati) dening Allah, wis mesthi ora ana kang bisa nulungi
  53. Apa wong mengkono mau padha duwe panduman Keratoning Allah (ora). Wong mengkono mau ora pisan-pisan gelem weweh sethithik-thithika marang para manungsa
  54. Apa ta padha andrengkèni para manusa déning anggoné padha kaparingan déning Allah arupa lubèring kadarman-É? Lah temen Ingsun wis amaringi Kitab lan kawicaksanan para dharah Ibrahim, sarta wus padha Ingsun paringi karaton kang gedhé
  55. Mulané sawenèhé ana sing angèstu ing dhèwèké lan sawenèhé ana sing malèngos saka dhè- wèké, lan naraka iku wis cukup kanggo ngobong
  56. Sayekti para kang padha angafiri ing timbalan-timbalan- Ingsun, bakal Ingsun cemplungaké ing geni; saben-saben kulité wis padha kobong, padha Ingsun salini kulit liyané, supaya padha ang- rasakaké siksa; sayekti Allah iku Minulya, Wicaksana
  57. Lan para kang padha angèstu sarta anglakoni panggawé becik, bakal Ingsun lebokaké ing pata- manan, kang ing jeroné kali-kaliné padha mili, padha manggon ing kono, langgeng; ana ing kono bakal padha olèh jodho kang padha sucia lan bakal padha Ingsun lebokaké ing kabegjan gedhé
  58. Sayekti Allah adhawuh ma- rang sira ingandikakaké padha ambalèkaké titipan marang sing pantes anampani, lan samang- sa sira anibakaké bebeneran anta- raning para manusa ingandikakaké kalawan adil; sayekti Allah iku amituturi sira kalawan apa kang linuhung; sayekti Allah iku Ami- yarsa, Amirsani
  59. É, para kang padha angèstu! Padha ambangun-turuta ing Allah lan padha ambangun-turuta ing Utusan sarta kang nyekel paprén- tahan saka ing antaranira; lah, manawa sira padha pasulayan ing dalem sawijining prakara, iku iya balèkna marang Allah lan Utusan, yèn ta sira iku padha angèstu ing Allah lan dina akhir; iki luwih prayoga sarta wusanané luwih déning becik
  60. Apa sira ora andeleng marang para kang padha angaku yèn padha angèstu marang apa kang kadha- wuhaké marang sira sarta apa kang kadhawuhaké ing sadurungira? Dhèwèké padha duwé karep an- jaluk bebeneran marang sétan, sanajan wis padha didhawuhi, iki ingandikakaké angafiri, lan si sétan duwé karep arep anasaraké dhè- wèké kalawan sasar kang adoh
  61. Lan samangsané padha di- calathoni: Ayo padha tumekaa marang apa sing kadhawuhaké déning Allah lan marang Utusan, sira bakal weruh para lamis padha maléngos saka ing sira kalawan pamalèngos kang abanget
  62. Nanging kapriyé manawa babaya anibani dhèwèké, amarga saka panggawéné tangan-tangané kang dhisik-dhisik? Tumuli padha anekani sira, kalawan sumpah dhemi Allah: Kajeng kula boten sanès kajawi saé sarta pirukun
  63. Iki para kang apa sing ana ing sajroning ati-atiné, Allah angu- ningani; mulané padha singkirana lan padha tuturana sarta padha kandanana prakara awaké kalawan tembung kang mranani
  64. Anggon-Ingsun angutus Utu- san iku ora liya kajaba supaya dienut kalawan idining Allah; lan saupama dhèwèké iku nalikané padha atindak dudu marang awaké dhéwé anekani sira, banjur nyu- wun pangapura ing Allah sarta Utusan anyuwunaké panga- pura dhèwèké, amasthi padha katemu nyatané, Allah iku tansah awongsal-wangsul , Mahaasih
  65. Nanging ora! dhemi Pangéra- nira, dhèwèké iku padha ora angèstu nganti tumekané dhèwèké padha anetepaké sira dadi juru nibakaké bebeneran ing dalem prakara kang dadi sulaya antarané awaké, tumuli ing atiné ora ana rupeké tumrap pancasanira sarta padha manut kalawan sumarah
  66. Lan manawa Ingsun anetep- ana wajib marang dhèwèké: Padha tohna jiwanira utawa lungaa saka ing nagaranira, iku ora bakal padha anindakaké, kajaba ana sathithik; lan saupama dhèwèké padha anindakna apa kang dipitu- turaké marang dhèwèké, amasthi luwih becik awaké sarta anetepaké bangeting kukuhé
  67. Lan amasthi tumuli padha Ingsun paringi ganjaran gedhé saka ing ngarsa-Ningsun dhéwé
  68. Sarta amasthi padha Ingsun tuntun ing dalan kang bener
  69. Lan sapa sing ambangunturut ing Allah lan Utusan, lah ya iki panunggalané para kang padha kaparingan nugraha déning Allah, kaya ta: para nabi, lan para wong temen, sarta para babanten tuwin para wong tulus, lan réwang kang becik banget iki
  70. Iki lubèring kadarman saka ing Allah, lan wis cukup Allah Ingkang-Anguningani
  71. É, para kang padha angèstu, padha pasangen kaprayitnanira, mulané padha mangsaha sagolo- ngan-sagolongan utawa mangsaha bareng kabèh
  72. Lan sayekti sawenèhira ana kang pancèn angèrèni! Lah mana- wa babaya angenani sira, angucap: Temen Allah wus aparing nugraha marang aku, déné aku ora teka ambarengi dhèwèké
  73. Lan manawa lubèring kadar- man saka ing Allah anekani sira, masthi bakal angucap, sajaké antaranira karo dhèwèké kaya ora ana sambunging sih katresnan: O, mungguh aku ambarengana dhè- wèké, amasthi aku bakal éntuk olèh-olèhan gedhé
  74. Mulané padha peranga ing dadalaning Allah para kang padha angedol kauripan donya iki ma- mrih akhirat; lan sapa sing perang ing dadalaning Allah, apa banjur kapatènan apa menang, iku masthi bakal Ingsun paringi pituwas kang agung
  75. Lan apa ta karananira sira padha ora perang ing dadalaning Allah lan wong-wong lanang lan wong-wong wadon sar- ta bocah-bocah kang padha apes, kang padha munjuk: Pangéran kawula! mugi kawula Tuwan wedalaken saking nagari punika, ingkang tiyangipun para anganiaya, saha mugi Tuwan apa- ring dhateng kawula pangayoman saking ngarsa Tuwan, punapa déné mugi Tuwan aparing dhateng kawula panulung saking ngarsa Tuwan
  76. Para kang padha angèstu iku padha perang ing dadalaning Allah, lan para kang padha kafir iku padha perang ing dadalaning sétan. Mulané padha peranga lumawan para mitraning sétan; sayekti upayaning sétan iku apes
  77. Apa sira ora andeleng marang para kang padha didhawuhi: Lèrèna tangan-tanganmu lan anju- menengna salat sarta ambayara zakat; nanging samangsa perang ditetepaké wajib ingatasé dhèwèké, lah ing kono, ana sing sapantha wedi marang manusa kaya kuduné wediné maring Allah, utawa malah kapara banget ing wedi, tuwin padha munjuk: Pangéran kawula, punapaa déné Tuwan anetepaken wajib perang tumrap dhateng kawula? Punapaa kawula boten Tuwan sumenèkaken sakedhap malih? Calathua: Kabungahan ing donya iku sapélé, sarta akhirat iku luwih becik tumrapé wong kang bekti, lan sira ora pisan-pisan bakal kataman ing panggawé dudu
  78. Ana ing ngendi-endia mang- gonira, pati iku bakal tumeka ing sira, sanajan sira padha ana ing gedhong dhuwur. Lan manawa katekan becik, padha acalathu: Iki saka ngarsaning Allah; lan mana- wa katekan ala, padha calathu: Iki saka kowé. Calathua: Kabèh iku saka ngarsaning Allah; ananging ana apa ta wong-wong iki, déné prasasat padha ora ngerti apa kang kadhawuhaké
  79. Sabarang becik kang tumeka ing sira , lah iku saka ing Allah, lan sabarang ala kang tumeka ing sira, lah iku saka ing sira dhéwé; lan Ingsun angutus ing sira ! marang kama- nusan minangka Utusan; lan wis cukup Allah iku minangka Saksi
  80. Sapa sing ambangun-turut ing Utusan, lah sajatiné iku ambangun- turut ing Allah; lan sapa sing ma- léngos, lah anggon-Ingsun angutus ing sira iku ora minangka juru- ngreksa dhèwèké
  81. Lan dhèwèké padha acalathu: Pambangun-turut. Ananging bareng wis padha metu saka ing ngarepira, sing sapantha, ing wengi anetepaké tumindak dudu kang sira dha- wuhaké; lan Allah iku anyerati apa kang ditetepaké ing wengi, mulané padha singkirana lan sumendhéa marang Allah, lan wis cukup Allah iku minangka Panga- yoman
  82. Lah apa ta padha ora meleng marang Quran? Lan saupama saka saliyané Allah, amasthi dhèwèké padha mrangguli pasulayan sa- pirang-pirang ana ing sajeroné
  83. Lan manawa ana pawarta tumeka marang dhèwèké: aman utawa nguwatiri, disebar-sebaraké; lan manawa iki diaturaké marang Utusan lan marang kang nyekel papréntahan saka ing antarané, amasthi sawenèhé, sing padha bisa nastitèkaké iki, bakal wis padha weruh; lan saupama oraa ana lubèring kadarmané Allah sarta wilasa-Né, amasthi sira bakal padha manut marang sétan, kajaba sathithik
  84. Mulané sira peranga ing dadalaning Allah: ora liya kang kajibah iku kajaba awakira dhéwé; sarta ananangia para angèstu; manawa-manawa Allah ameperaké perangé wong kafir, lan Allah iku luwih abanget ing kawanèn sarta luwih abanget ing pidana
  85. Sapa sing réwang-réwang ing dalem panggawé becik, bakal olèh panduman sapé- rangané, lan sapa sing réwang- réwang ing dalem pang- gawé ala, bakal duwé tanggungan sapérangané; lan Allah iku kang amisésa ing samubarang
  86. Lan manawa sira dikurmati kalawan pakurmatan, lah kurmata kalawan kang luwih becik tinimbang iku, utawa mang- sulana padha karo iku; sayekti Allah iku marang samubarang angétang
  87. Allah, ora ana sesembahan kajaba Panjenengané; sayekti Pan- jenengané temen bakal angimpun sira kabèh ing dina kiyamat, wis ora ana semangé ing dalem iki; lan sapa ta sing luwih temen ing pangucap tinimbang Allah
  88. Lah ana apa ta sira iku déné dadi rong golongan ing dalem para lamis, ing mang- ka Allah ambalèkaké dhèwèké amarga saka panggawé-panggawéné? Apa ta sira padha arep nuntun wong kang wis kasasaraké déning Allah? Lan sapa sing wis kasasaraké déning Allah, amasthi ora bakal sira éntuk dalan tumrap dhèwèké
  89. Padha angajap-ajap supaya sira padha kafira kaya olèhé padha kafir, dadi sira kabèh banjur padha; mulané aja ana kang padha sira alap mitra nganti tumekané dhè- wèké padha ngili ing dadalaning Allah; ananging manawa padha maléngos, lah padha sira cekela lan padha sira patènana, ana ing ngendi baé katemunira karo dhèwèké, lan aja ana kang padha sira alap mitra utawa panulung
  90. Kajaba para kang padha lumebu marang golongan, kang aprajanjian karo sira, utawa tume- ka marang sira, amenggak atiné amerangi sira, utawa amerangi golongané; lan saupama Allah iku angarsakna, amasthi aparing kaku- watan marang dhèwèké anglawan sira, banjur masthi amerangi sira; mulané manawa dhèwèké padha anyingkiri sira, dadi padha ora amerangi sira, sarta angacarani pirukun marang sira, amasthi Allah ora aparing dalan marang sira amituna dhèwèké
  91. Sira bakal padha kepranggul liyané, kang kapéngin aman ka- lawan sira sarta aman kalawan golongané; saben-saben padha bali marang piala, saya kablebek ana ing kono; mulané manawa dhèwèké padha ora anyingkiri sira sarta ora angacarani pirukun ma- rang sira apa déné ora anglèrènaké tangan-tangané, lah padha sira cekela lan sira patènana ana ing ngendi baé katemunira dhèwèké; lan kanggo nglawan iki anggon- Ingsun aparing wewenang kang cetha marang sira
  92. Lan ora mungguh tumrapé mukmin yèn ta matènana mukmin, kajaba klèru; lan sapa sing matèni mukmin ora kalawan dijarag, lah amardikakna kawula mukmin siji sarta tetempuh kudu kabayar marang ahliné, kaja- ba yèn iki anglilakaké; ananging manawa dhèwèké iku asal saka golongan kang amungsuhi sira, sarta dhèwèké iku mukmin, lah amardikakaké kawula mukmin siji , lan manawa dhè-wèké iku asal saka ing golongan kang aprajanjian kalawan sira, lah tetempuh kudu dibayar marang ahliné karo amardikakaké kawula mukmin siji; ananging manawa ora bisa éntuk lah kudu puwasa rong sasi tumaruntun: pitobat saka ing Allah, lan Allah iku Anguningani, Wicaksana
  93. Lan sapa sing amatèni muk- min kalawan jaragan, lah wawa- lesé naraka, bakal manggon ing kono lan Allah bakal andhawahaké bendu-Né marang dhèwèké sarta angla’nati dhèwèké apa déné anyadhiyakaké siksa kang gedhé marang dhèwèké
  94. É, para kang padha angèstu, samangsa sira maju perang ing dadalaning Allah, lah padha aniti- priksaa, lah aja padha calathu marang sapa sing anibakaké salam marang sira: Kowé iku dudu mukmin. Apa sira padha ngupaya barang-barang kauripan donya! Lah ing ngarsaning Allah ana kauntungan sapirang-pirang; sira iku ing biyèn iya kaya mangkono, tumuli Allah aparing nugraha ma- rang sira; mulané padha anindakna paniti priksa; sayekti Allah iku waspada ing sabarang kang padha sira lakoni
  95. Ora padha para mukmin sing thenguk-thenguk, dudu sing nan- dhang rekasa, karo para kang padha nyrempeng ing dadalaning Allah kalawan bandhané lan jiwané; Allah wis angluwihaké dhuwur ing drajat para kang padha nyrempeng kalawan bandhané lan jiwané angungkuli para kang padha thenguk-thenguk, lan siji- sijiné padha disagahi kabecikan déning Allah, lan Allah angluwi- haké para kang padha anyrempeng angungkuli para thenguk-thenguk kalawan ganjaran kang gedhé
  96. Darajat-darajat saka Panjenengané, sarta pangayomana tuwin wilasa, lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih
  97. Sayekti para malaikat, mana- wa amatèni para kang padha atin- dak dudu marang jiwané dhèwé, padha calathu: Kapriyé kahanan- ira? Bakal padha mangsuli: Kula punika sami apes wonten ing bumi. Bakal padha calathu: Apa buminé Allah iku ora jembar, dadi sira pa- dha bisa ngalih ing kono? Mulané, ya iki kang padunungané naraka, lan iki papan kang ala
  98. Kajaba wong-wong lanang lan wong-wong wadon lan bocah- bocah kang padha apes, kang padha ora kuwat saranané lan ora éntuk dalan
  99. Mulané, ya iki, manawa- manawa Allah kapareng amuwung dhèwèké, lan Allah iku ambek Amuwung, Aparamarta
  100. Lan sapa sing angili ing dadalaning Allah, ana ing bumi bakal nemu enggon pangungsèn sapirang-pirang sarta sumber pa- ngupajiwa kang ambludag; lan sapa sing metu atinggal balé omahé, lumayu marang Allah lan Utusan-É, tumuli pati anututi dhèwèké, lah ganjarané temen ana ing Allah, lan Allah iku Apara- marta, Mahaasih
  101. Lan samangsa sira padha lalaku ing bumi, lah ora cacad ingatasé sira yèn sira anyendhakna salat, manawa sira kuwatir yèn para kang padha kafir angrempak ing sira; sayekti para kafir iku mungsuhira kang tétéla
  102. Lan manawa sira ana ing antarané dhèwèké padha sarta anjumenengaké salat tumrap dhè- wèké, lah dhèwèké sing sapantha sira kona ngadeg bareng lan sira sarta padha nyekela gagamané; lah nalika padha sujud padha sira kona menyang ing burinira, lan sapantha liyané sing durung salat supaya majua banjur padha salata amba- rengi sira sarta padha ngrenggepa kaprayitnané lan gagamané; pangarep-arepé kang padha kafir, sira padha kalalèna gagama- nira lan gawanira, banjur dhèwèké arep angrempak ing sira kalawan panyerang kang ambabar-pisani; lan ora cacad ingatasé sira anyè- lèhaké gagamanira, manawa sira kena ing udan utawa pinuju lara, sarta padha angrenggepa kapra- yitnanira; sayekti Allah iku anya- dhiyakaké siksa kang angasoraké tumrap para kafir
  103. Lah nalikané wis rampung anggonira salat, banjur padha anebuta ing Allah kalawan ngadeg sarta kalawan linggih tuwin kala- wan turon miring; ananging sa- mangsa sira wis padha jenjem, iya padha anjumenengna salat; sayekti salat iku ingatasé para angèstu sawijining angger kang tinamtu wayahé
  104. Lan aja padha kendho ang- gonira anglud mungsuh; manawa sira padha kelaran, lah sayekti dhèwèké padha kelaran kaya kelaranira, lan sira angarep-arep saka Allah barang kang dhèwèké padha ora angarep-arep; lan Allah iku Angudanèni, Wicaksana
  105. Sayekti, Ingsun wus andha- wuhaké Kitab marang sira kalawan kayektèn, supaya sira anibakaké bebeneran antarané para manusa kalawan apa kang wis disume- repaké déning Allah marang sira; lan aja sira dadi tukang madoni makolèhaké para cidra
  106. Lan nyuwuna pangapura- ning Allah; sayekti Allah iku Aparamarta, Mahaasih
  107. Lan aja angikal padu ama- kolèhaké para kang anglakoni palacidra marang jiwané dhéwé; sayekti Allah iku ora remen ma- rang sapa kang padha apalacidra, dosa
  108. Padha umpetan saka para manusa, lan ora padha umpetan saka ing Allah, lan Panjenengané iku anjenengi dhèwèké, nalika ing wengi padha angangen-angen tembung kang Panjenengané ora rena, lan Allah iku anglimputi samubarang kang padha di- lakoni
  109. Delengen! Sira iku kang padha angikal padu amakolèhaké dhèwèké ing dalem kauripan donya; ananging sapa sing bakal angikal padu marang Allah amakolèhaké dhèwèké ing dina kiyamat, utawa sapa sing bakal dadi pangayoman tumrap marang dhèwèké
  110. Lan sapa sing anglakoni panggawé ala utawa atindak dudu marang jiwané dhéwé, tumuli nyu- wun pangapuraning Allah, masthi bakal nemu Allah iku Aparamarta, Mahaasih
  111. Lan sapa sing sing atindak dosa, lah tumindaké iku mung amitunani tumrap marang jiwané; lan Allah iku Anguningani, Wicak- sana
  112. Lan sapa sing anglakoni sawijining kaluputan utawa sawiji- ning dosa, tumuli angipataké iki marang sing ora magepokan, lah temen anggéndhong momotané wong doracara lan dosa kang tétéla
  113. Lan saupama ora anaa lubèring kadarmaning Allah tuwin wilasa-Né marang sira, amasthi dhèwèké sing sagolongan ane- tepaké sedya arep angrusakaké sira ananging ora liya kajaba angrusak jiwané dhéwé, lan ora pisan- pisan bakal angrusakaké sira; lan Allah wus andhawuhaké marang sira Kitab lan kawicaksanan, sarta wus mulang apa sing sira ora weruh, lan lubèring kadarmaning Allah marang sira iku gedhé banget
  114. Ora ana beciké ing dalem kèh-kèhané pirembugané kang wadi iku, kajaba sapa sing marén- tahaké dana, utawa kabecikan uta- wa pirukun antarané para manusa; lan sapa sing anglakoni mangkéné iki mamrih karenaning Allah, amasthi dhèwèké bakal Ingsun paringi ganjaran kang gedhé
  115. Lan sapa sing ngecrahi Utusan ing sawisé tuntunan dadi terang tumrap dhèwèké, sarta nurut kang dudu dadalané para angèstu, dhèwèké iku bakal Ingsun adhep- aké marang barang kang diadhep- aké, lan bakal Ingsun cemplungaké naraka; lan iku papan kang ala. A
  116. Sayekti Allah ora angapura anyakuthokaké sawiji-wiji karo Panjenengané, lan angapura kabèh saliyané iku marang sapa sing dadi kaparenging karsa-Né;a lan sapa sing nyakuthokaké sawiji- wiji karo Allah, lah temen sasar kalawan sasar kang adoh
  117. Para anguwuh saliyané Pan- jenengané, ora liya kajaba barang kang tanpa jiwa, lan ora liya kajaba padha anguwuh sétan kang tanpa ana beciké
  118. Allah wus angla’nati dhè- wèké; lan dhèwèké munjuk: Saèstu kula badhé amendheti kawula Tu- wan sapanduman ingkang tinamtu
  119. Lan saèstu badhé sami kula tatangi ing pépénginan ingkang muspra, tuwin saèstu badhé sami kula ajani anyigar kupinging raja- kaya punapa déné saèstu sami badhé kula ajani ingkang supados angéwahi titahing Allah; lan sapa sing aluwung angalap sétan minangka pangayoman tinimbang Allah, iya masthi bakal kapitunan kalawan kapitunan kang tétéla
  120. Dhèwèké padha disaguhi lan padha ditatangi pépénginané kang muspra; lan ora liya kasa- guhané sétan marang dhèwèké iku kajaba mung ngapusi
  121. Iki para kang panggonané iku naraka, lan ora bakal padha olèh pangungsèn saka ing kono
  122. Wondéné para kang padha angèstu lan anglakoni panggawé- panggawé becik, bakal padha Ingsun lebokaké ing patamanan, kang ing jeroné kali-kaliné padha mili, padha manggon ing kono, langgeng; janjining Allah, temenan; lan sapa sing luwih temen ing pangucap tinim- bang Allah
  123. Ora bakal cocog karo pépé- nginanira kang muspra, lan iya ora cocog karo pépénginané pandhèrèké Kitab kang muspra; sapa sing anglakoni ala, bakal winales kalawan ala, lan saliyané Allah dhèwèké ora bakal éntuk pangayoman lan ora panulung
  124. Lan sapa sing anglakoni panggawé-panggawé becik, apa wong lanang apa wong wadon, lan dhèwèké iku wong angèstu, _ lah iki bakal padha lumebu ing taman, lan ora pisan-pisan bakal kataman ing tindak dudu
  125. Lan sapa ta kang luwih becik agamané tinimbang wong kang sumarah babar pisan adhepé marang Allah? lan dhèwèké iku wong kang agawé becik sarta miturut agamané Ibrahim, wong tulus, lan Allah iku amundhut Ibrahim minangka mitra
  126. Lan samubarang ing langit- langit sarta samubarang ing bumi iku kagungané Allah; lan Allah iku anglimputi samubarang
  127. Dhèwèké padha nyuwun putusan tumrap para wadon. Cala- thua: Allah aparing weruh marang sira putusan tumrap dhèwèké lan apa kang wus diwacakaké marang sira ing sajroning Kitab ing bab anak-anak yatimé para wadon, kang padha ora sira wènèhi apa kang wus katetepaké dadi bagéané, ing mangka sira emoh anikaha dhèwèké, sarta ing bab para kang apes, yaiku para anak-anak, lan atindaka kalawan adil marang bocah-bocah yatim; lan kabecikan apa kang padha sira lakoni, lah sayekti, iku Allah anguningani
  128. Lan manawa wong wadon kuwatir tindak siyané utawa paninggaling lakiné, lah ora ala ingatasé sakaloroné, manawa padha angadegaké pirukun antara- né sakaloroné,a lan pirukun iku luwih becik; lan budi iku dianani kumed; lan manawa sira padha agawé becik lan padha bekti, lah sayekti Allah iku Waspada marang apa kang padha sira lakoni
  129. Lan sira padha ora duwé kawasa anggonira arep tumindak adil antarané para rabi,b sanajan banget kapénginira, nanging sira aja padha dhoyong kalawan dho- yong babar pisan , nganti dhèwèké sira etogaké baé keplanggrang; lan manawa sira padha angedegaké pirukun sarta padha bekti, sayekti Allah iku Aparamarta, Mahaasih
  130. Lan manawa sakaloron pa- dha pegatan, Allah bakal angilang- aké kabutuhané sakaroné amarga saka jembaring paparing-É, lan Allah iku jembar paparing-É, Wicaksana
  131. Lan samubarang ing langit- langit sarta samubarang ing bumi iku kagungané Allah, lan sayekti temen Ingsun wis andhawuhi para kang padha kaparingan Kitab ing sadurungira lan marang sira, supaya padha di bekti maring Allah; lan manawa sira padha angafiri, lah sayekti samu- barang ing langit-langit lan samu- barang ing bumi iku kagungané Allah, lan Allah iku ora kabutuh ing samubarang, Maha-pinuji
  132. Lan kagungané Allah samu- barang ing langit-langit lan samu- barang ing bumi iku, lan wis cukup Allah iku minangka Pangayoman
  133. Manawa Panjenengané angar- sakaké, saged anglungakaké sira, o, para manusa! Lan anekakaké liyané; lan Allah iku, nindakaké mangkono iku kawasa
  134. Sapa sing kapéngin gan- jaran donya, lah, ing ngarsaning Allah iku ana ganjaran donya lan akhirat; lan Allah iku Amiyarsa, Amirsani
  135. É, para kang padha angèstu, padha dadia wong kang nyan- tosakaké ing adil, saksi karana Allah, sanajan amitunani awakira dhéwé utawa wong tuwa sa- kaloron utawa para akrab ; yèn dhèwèké iku sugiha utawa mis- kina, lah Allah iku luwih déning saged ing sakaroné; mulané aja padha miturut ing pépénginan kang asor, mun- dhak sira padha nyalèwèng; lan manawa sira nalisir utawa ange- dohi, lah sayekti Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni
  136. É, para kang padha angèstu, padha angèstua ing Allah lan Utusan-É, lan Kitab kang wus kadhawuhaké marang Utusan-É, lan Kitab kang wus dhumawuh ing sadurungé; lan sapa sing angafiri Allah lan para malaikat-É, lan kitab-kitab-É, lan para utusan-É, lan dina akhir, iya temen-temen sasar kalawan sasar kang adoh
  137. Sayekti, para kang padha angèstu tumuli angafiri, tumuli angestu , tumuli angafiri , tumuli padha ngundhaki kafiré, iku Allah ora bakal angapura lan ora bakal nuntun dhèwèké ing dalan
  138. Dhawuhna marang para lamis, yèn dhèwèké bakal padha olèh siksa kang nglarani
  139. Para sing padha aluwung angalap para kafir minangka pa- ngayoman tinimbang para angèstu. Apa ta padha golèk singgih saka ing dhèwèké? Lah sayekti singgih iku kagungané Allah kabèh
  140. Lan temen Panjenengané wus andhawuhaké marang sira ana ing dalem Kitab, dhawuh-É: Manawa sira padha angrungu timbalan-timbalaning Allah padha dikafiri lan padha diguguyu, lah aja sira padha lulungguhan karo dhèwèké, nganti padha lumebu ing gunem liyané; sayekti, mengko mundhak sira dadi papadhané; sayekti Allah bakal angumpulaké para lamis lan para kafir kabèh ana ing naraka
  141. Para kang padha anganti- anti ing sira; lah manawa sira padha olèh ka- menangan saka ing Allah, padha calathu: Apa ta aku iki padha dudu rowangmu? Lan manawa kabegjan dumunung ing para kafir, padha acalathu: Apa aku iki ora padha amakolèhaké unggul tumrap ma- rang kowé sarta ananggulangi kowé saka para angèstu? Kang iku, ing dina kiyamat, Allah bakal anibakaké bebeneran ing antara- nira; lan ora pisan Allah bakal andamelaké dalan para kafir kang- go angalahaké para angèstu
  142. Sayekti, para lamis padha sir apus-apus ing Allah, lan Panje- nengané bakal males anggoné padha apus-apus; lan manawa dhèwèké padha menyat arep salat, menyaté kalawan wegah; mung amrih dinelenga ing wong, sarta ora padha angangen-angen ing Allah, kajaba sathithik
  143. Padha gajeg-gajeg antarané kuwi , ora kuwi lan ora kuwi; lan sapa sing sinasaraké Allah, ya ora bakal sira nemu dalan tumrap dhèwèké.a
  144. É, para kang padha angèstu, aja padha aluwung apèk panga- yoman para kafir tinimbang para angèstu;b apa sira nedya padha agawé tandha yekti tétéla konjuk ing Allah, kang mitunani ing sira
  145. Sayekti, para lamis iku padha ana ing geni lapisan kang ngisor dhéwé, lan ora bakal sira nemu panulung tumrap marang dhèwèké
  146. Kajaba kang padha tobat sarta ambecikaké kalakuané tuwin agondhèlan ing Allah apa déné tulus pambangunturuté maring Allah; lah yaiku sartané para angèstu; lan Allah bakal amaringi ganjaran kang gedhé marang para angèstu
  147. Apa perluné Allah aniksa ing sira, manawa sira pancèn padha weruh ing panarima sarta angèstu? Lan Allah iku Kang tikel- matikel ing pangganjar, Angu- danéni
  148. Allah Iku ora remen marang wedharing pangucap ngeblak kang nylekit, kajaba manawa iki déning wong kang kinaniaya; lan Allah iku Amiyarsa, Angudanèni
  149. Manawa sira kalawan nge- dhèng anglakoni kabecikan utawa kalawan sira sidhem, utawa anga- pura ing ala, lah sayekti Allah iku Aksama, Kawasa
  150. Sayekti para kang padha angafiri ing Allah sarta para utusan-É, tuwin padha sumedya anèjèkaké antarané Allah karo para utusan-É, apa déné padha acalathu: Aku padha angèstu marang kang sawenèh sarta anga- firi sawenèhé, sarta padha sumedya angalap dalan antarané iku
  151. Iki para kang padha kafir temenan, lan Ingsun anyadhiyak- aké siksa kang angasoraké tumrap para kafir
  152. Lan para sing padha angèstu ing Allah lan para utusan-É, sarta ora anèjèkaké antarané siji-sijiné, iki bakal padha pinaringan ganja- rané; lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih
  153. Pandhèrèking Kitab padha anjaluk marang sira, supaya sira anurunaké kitab saka ing langit marang dhèwèké; ananging temen biyèn anjaluk marang Musa kang luwih gedhé tinimbang iku, amarga padha calathu: Aku padha weruhna ing Allah kalawan satmata; mulané swara gumludhug angenani dhè- wèké amarga saka anggoné padha atindak dudu.a tumuli padha anga- lap pedhèt,b ing sa- wisé tandha-tandha yekti kang ce- tha tumeka marang dhèwèké, ana- nging Ingsun puwung kang mang- kono iku, sarta Ingsun aparing wisésa kang cetha marang Musa
  154. Lan Ingsun andhuwuraké gunungé angungkuli dhèwèké nali- kané sasangge- mané,c sarta Ingsun angandika marang dhèwèké: Padha lumebua ing lawang iki kalawan sujud;d lan Ingsun angandika marang dhè- wèké: Aja padha anerak walering Sabbat;e lan Ingsun wus amundhut prajanjian kang kukuh saka dhèwèké
  155. Mulané, amarga saka ang- goné padha anyidrani prajanjiané sarta anggoné padha angafiri timbalan-timbalaning Allah tuwin anggoné padha anyédani para nabi kalawan ora benerf apa déné anggoné padha calathu: Atiku iki katutupan,g – o, balik Allah wus angecap marang dhèwèké amarga saka anggoné padha kafir,h mulané ora padha angèstu kajaba mung sathithik
  156. Lan amarga saka anggoné padha kafir sarta anggoné angu- nèkaké Maryam kalawan pandalih kang gedhé
  157. lan kanggo gumunggung, "Kita padha mateni Sang Mesias, Yesus, putra Maryam, utusaning Allah." Nanging dheweke ora mateni lan ora nyalib, nanging mung katon nyata. Malah sing mbantah ˹crucifixion˺ iki ragu-ragu. Dheweke ora duwe ilmu apa-apa - mung nggawe asumsi. Dheweke mesthi ora mateni dheweke
  158. Luwih becik, Allah ngunggahake awake dhewe. Lan Allah iku Maha Kuwasa, Maha Wicaksana
  159. Saben Wong ing Kitab mesthi bakal precaya sadurunge seda. Lan ing dina kiamat Yesus bakal dadi seksi tumrap wong-wong mau
  160. Mulané, awit déning tindak duduné para kang padha Yahudi, Ingsun angaramaké ingatasé dhè- wèké barang-barang angresepaké kang dikenakaké marang dhèwèké, sarta amarga saka anggoné padha angalang-alangi ing akèh ing dadalaning Allah
  161. Sarta anggoné padha anga- lap riba’ – nadyan ta iku temen dhèwèké padha dilarangi – apa déné anggoné padha mangan ban- dhaning wong kalawan ora bener; lan Ingsun anyadhiyakaké siksa kang anglarani tumrap dhèwèké kang padha wong kafir
  162. Ananging dhèwèké, para sing teguh ing kawruh lan para angèstu, padha angèstu marang sapa sing didhawuhaké marang sira lan apa sing kadhawuhaké ing sadurungira, sarta para kang padha anjumenengaké salat tuwin para kang padha amèwèhaké zakat apa déné para sing padha angèstu ing Allah lan dina akhir, iki bakal padha Ingsun paringi ganjaran kang gedhé
  163. Sayekti Ingsun amedhar sabda marang sira kaya anggon- Ingsun amedhar sabda marang Nuh sarta para nabi ing sapungkuré, lan Ingsun amedhar sabda marang Ibrahim lan Isma’il lan Ishaq lan Ya’qub sarta para Pancer, lan ‘Isa lan Ayyub lan Yunus lan Harun, lan Sulaiman sarta Ingsun amaringi tulis marang Dawud
  164. Lan para utusan kang ing sadurungé wus padha Ingsun caritakaké marang sira lan para utusan kang padha ora Ingsun caritakaké marang sira; lan Allah angandikani Musa kalawan pangandika
  165. para utu- san, minangka juru-warta bubu- ngah sarta juru pépéling, supaya para manusa aja padha duwé kojah amadoni Allah ing sawisé para utusan; lan Allah iku Minulya, Wicaksana
  166. Ananging Allah aneksèni kalawan apa kang wus dhumawuh marang sira, kang dhumawuhé kalawan ngélmu-Né, sarta para malaikat padha aneksèni; lan wis cukup Allah minangka saksi
  167. Sayekti, para kang padha kafir sarta angalang-alangi saka dadalaning Allah – temen padha sasar kalawan sasar kang adoh
  168. Sayekti, para kang padha kafir lan padha atindak dudu, iku Allah ora bakal ngapura lan ora bakal anuntun ing dalan
  169. Kajaba ing dadalaning na- raka, supaya padha manggon ana ing kono lawas,a lan mangkéné iki ingatasé Allah gampang
  170. É, para manusa! Temen wis teka utusan marang sira kalawan yekti saka Pangéranira, mulané padha angèstu, becik tumrapé sira; lan manawa sira padha anga- firi, lah sayekti kagungané Allah sabarang kang ana ing langit-langit lan bumi; sarta Allah iku Anguda- néni, Wicaksana
  171. He Wong-wong ing Buku! Aja nganti nggegirisi babagan iman sampeyan; Aja ngomong apa-apa bab Allah kajaba sing bener. Mesias, Yesus, putrane Maria, ora liya yaiku utusaning Allah lan pangujunge Sabdane lumantar Maria lan roh sing digawe prentah saka Panjenengane. Dadi, pretyayaa marang Allah lan para utusane lan aja ujar, "Tritunggal." Mungkasi! —Kanggo kepentinganmu dhewe. Allah iku mung satunggaling Gusti Allah. Maha Suci! Dheweke luwih dhuwur duwe putra! Dheweke kagungan apa wae sing ana ing swarga lan apa wae sing ana ing bumi. Lan Allah cukup dadi wali Urusan
  172. Mesias ora bakal bangga yen dadi abdi saka Allah, uga malaekat sing paling cedhak karo Allah. Wong-wong sing bangga banget lan sombong nyembah marang dheweke bakal digawa bebarengan ing ngarsane
  173. Ana déné, para kang padha angèstu sarta anindakaké pangga- wé becik, iku Panjenengané bakal amaringi ganep ganjarané lan bakal angundhaki lubèring kadarman-É marang dhèwèké; wondéné para kang padha ora sotah sarta gume- dhé, Panjenengané bakal niksa dhèwèké kalawan siksa kang ngla- rani. Lan saliyané Allah dhè- wèké ora bakal padha nemu panga- yoman utawa panulung
  174. É, para manusa! Sayekti wus tumeka marang sira tandha yekti saka Pangéranira sarta Ingsun wus anurunaké marang sira papa- dhang kang anelahi
  175. Ana déné para kang padha angèstu ing Allah sarta agondhèlan ing Panjenengané, amasthi bakal padha dilebokaké ing wilasa tuwin lubèring kadarman saka Panjene- ngané, sarta Panjenengané bakal nuntun dhèwèké ing dadalan kang bener marang Panjenengané
  176. Dhèwèké padha anerang marang sira putusaning angger. Dhawuha: Allah aparing putusan marang sira prakara wong kang ora duwé bapa biyung sapandhuwur sarta anak sapangisor; manawa ana wong mati ora duwé anak lanang lan duwé sadulur wadon siji, iki olèh saparo- ning barang tinggalan, lan sadulur lanang bakal ngukup warisané sadulur wadon manawa sadulur wadon iki ora duwé anak lanang; ananging manawa sadulur wadon mau loro, iki olèh bagéan rong prateloné barang tinggalan; lan manawa sadulur mau ana lanang wadon, lah pandumaning lanang siji padhané bagéaning wadon lo- ro; Allah anerangaké marang sira, supaya sira aja padha sasar, lan Allah iku Anguningani samubarang