5.The Table

  1. É, para kang padha angèstu! Padha nuhonana ing prajanjian. Rajakaya iku dikenakaké tumrap ing sira, kajaba apa kang kawa- cakaké marang sira, ora nerak larangan tumrap buron alas nalika sira lagi pinuju anglakoni haji; sayekti Allah iku anganggeri sabarang karsa-Né
  2. É, para kang padha angèstu! Aja sira padha anerak tandha- tandha kang katetepaké déning Allah, mangkono uga sasi suci, lan aja pisungsung, apa déné babanten kang linungsir- lungsir tuwin aja para kang arep menyang Pada- leman Suci angupaya lubèring kadarman sarta pirena saka Pangérané; lan manawa sira wis padha luwar saka ing kawajiban- kawajibané anglakoni haji, lah padha ambuburua, lan aja nganti panggethingé sawijining golongan – déning anggoné padha angalang- alangi sira lumebu ing Masjid suci – iku marakaké sira padha ang- liwati wates, sarta padha tulung- tinulunga ing tindak utama sarta tindak bekti tuwin aja tulung- tinulung ing tindak dosa lan panerak; lan padha di bekti ing Allah, sayekti Allah iku abanget ing pamales
  3. Dilarangi ingatasé sira: ba- thang, lan getih, lan daging cèlèng sarta apa kang kala- wan anebut karana saliyané Allah, lan kang sarana dijiret, lan kang sarana dibandhem sarta kang jalaran kaglundhung, tuwin kang jalaran disundhang, apa déné kang dimangsa ing sato galak, kajaba kang katututan sira belèh, sarta apa kang dibelèh ing watu kinur- banaké brahala lan apa kang sira bagé sarana panah , iki sawijining panerak. Ing dina iki para kang padha kafir cabar pangajapé marang agamanira, mulané aja padha wedi marang dhèwèké lan wedia marang Ingsun. Ing dina iki wus Ingsun sampur- nakaké tumrapé sira agamanira lan Ingsun ganepaké ingatasé sira nu- graha-Ningsun sarta Ingsun amilih- aké sira Islam minangka agama; ananging sapa sing kapeksa déning luwé, ora jaragan tumiyung marang dosa, lah sayekti Allah iku Apara- marta, Mahaasih
  4. Wong-wong padha takon ma- rang sira, apa kang dikenakaké tumrap dhèwèké. Dhawuha: Di- kenakaké tumrap sira barang kang angresepaké, lan apa kang wis koajaraké ing kéwan galak lan manuk galak, kalawan dilalantih ambededhag – padha sira ajar apa pamulangé Allah marang sira – lah padha sira pangana olèhé nyekelaké sira iku, sarta ingatasé prakara iku anyebuta asmaning Allah; lan padha di bekti ing Allah; sayekti Allah iku rikat ing pangétung
  5. Ing dina iki dikenakaké tumrap ing sira sabarang kang ngresepaké, sarta pangané para kang padha kaparingan Kitab iku kena tumrap ing sira lan panganira kena tumrap dhèwèké; lan para wong wadon mukmin kang kerek- sa sarta para wong wadon kereksa golongané para kang padha kaparingan Kitab ing sadurung- ira , manawa sira bayar mas-kawiné, asosomahan, dudu alaku bandrèk sarta ora alaku bedhang dhedhe- likan; lan sapa sing angemohi iman, lah temen panggawéné muspra, lan ana ing akhirat kagolong wong kang padha kapitunan
  6. É, para kang padha angèstu! Manawa sira padha ngadeg arep salat, padha angumbaha rai-rainira lan tangan-tanganira tumeka sikut lan angusapa sirah-sirahira sarta sikil-sikilira tumeka polok; lan manawa sira pinuju katetep wajib adus grujuga lah padha susucia; lan manawa sira pinuju lara utawa lulungan, utawa salah sawijinira mentas teka saka ing jumbleng, utawa sira mentas anggrayang wong wadon,b mangka sira padha ora bisa éntuk banyu, lah padha anganggoa lebu kang suci, banjur iku padha usapna ing rai-rainira lan tangan-tanganira;c Allah ora ngar- sakaké agawé kangèlan tumrap marang sira, ananging angarsakaké supaya sira padha sucia lan supaya ganep nugraha-Né marang sira, supaya sira padha syukur
  7. Lan padha diagem élinga nugrahaning Allah marang sira sarta padha prajanjian-É kang Diagem uger-ugerira, nalikané sira padha matur: Kawula sampun sami mireng saha kawula sami amba- ngun-turut; lan padha di bekti ing Allah; sayekti Allah iku anguni- ngani saisining ati
  8. É, para kang padha angèstu! Di padha jejeg maring Allah, apasaksi kalawan tulus,d lan pang- gethingé sawijining golongan iku aja nganti anjalari sira padha atindak ora adil;e padha atindaka adil, iku luwih parek marang bekti; lan padha di bekti ing Allah; sayekti Allah iku Waspada marang apa kang padha sira lakoni
  9. Allah wis anyagahi para kang padha angèstu sarta anglakoni panggawé becik, bakal padha olèh pangapura sarta ganjaran kang gedhé
  10. Lan para kang padha kafir sarta anggorohaké timbalan-timba- lan-Ingsun, iki padha mitraning geni murub
  11. É, para kang padha angèstu! Padha élinga nugrahaning Allah marang sira, nalikané sawijining golongan anetepaké sedya anibak- aké tangané marang sira, tumuli Panjenengané angéndhakaké ta- ngané saka ing sira; lan padha di bekti ing Allah; mulané marang Allah kuduné suméndhéné para kang padha angèstu
  12. Lan sayekti temen Allah wus mundhut janjiné para turun Israila lan ana rolas sing Ingsun degaké dadi lulurah; lan Allah angan- dika: sayekti Ingsun anyartani sira; manawa sira padha anjumene- ngaké salat sarta ambayar zakat tuwin padha angèstu ing para utusan-Ingsun apa déné padha angréwangi dhèwèké, lan padha angunjukaké ing Allah pisung- sung kang luhung,a sayekti temen Ingsun bakal angalingi ing sira saka panggawé-panggawénira kang ala, lan sayekti temen sira bakal padha Ingsun lebokaké ing pata- manan kang ing jeroné kali-kaliné padha mili; lah sapa ing antaranira kang angafiri sawisé mangkono iku, temen kasasar saka dalan kang bener
  13. Ananging, amarga saka ang- goné padha anyidrani prajanjiané, padha Ingsun bendoni sarta ati- atiné padha Ingsun dadèkaké atos; padha angowahi tembung-tembung saka ing panggonané,b lan padha anglirwakaké sapérangané kang dianggo angélingaké dhèwèké; lan sira bakal tansah amanoni pala- cidrané, kajaba ana sathithik sing ora; mulané padha sira puwunga lan padha singkirana; sayekti Allah iku remen marang wong kang padha agawé becik
  14. Lan marang para kang padha angucap: Aku iki Nasrani, Ingsun iya wus amundhut sasanggema- né, ananging padha anglir- wakaké sapérangané kang dianggo angélingaké dhèwèké; mulané Ingsun andadèkaké mumungsuhan lan gething-gethingan antarané dhèwèké tumeka dina kiyamat; lan Allah bakal aparing weruh apa kang wus padha dilakoni
  15. É, para pandhèrèking Kitab! Temen wus tumeka marang sira utusan-Ingsun, anerangaké marang sira sapirang-pirang prakara saka ing Kitab kang padha sira umpet- aké lan amuwung sapirang-pirang ; temen wis tumeka marang sira papadhang lan Kitab kang terang saka ing Allah
  16. Iku diagem déning Allah anuntun sapa sing miturut pirena- Né marang dadalaning karahayon, lan angedalaké dhèwèké saka ing pepeteng marang papadhang ka- lawan kapareng-É, lan anuntun dhèwèké marang dadalan kang bener
  17. Pancen, wong-wong sing ujar, "Allah iku Mesias, putrane Maria," banjur ora precaya. Ucapake, ProphetO Nabi, ˺ "Sapa sing kuwasa ngalang-alangi Allah yen dheweke milih nyirnakake Mesias, putra Maryam, ibune, lan kabeh wong ing jagad iki kabeh?" Allah kagungane Kratoning langit lan bumi lan kabeh sing ana ing antarane. Dheweke nggawe apa sing dikarsakake. Lan Allah iku Maha Kuwasa saka samubarang kabeh
  18. Lan para Yahudi lan Nasrani padha calathu: Aku iki padha putraning Allah sarta kakasih-É. Dhawuha: Yagéné Panjenengané aniksa ing kowé amarga saka kaluputanmu? Balik sira iku padha manusa, èwoning titah; Panjenenangé iku angapura ma- rang sapa sing dadi karsa-Né sarta aniksa sapa sing dadi karsa-Né; lan kagungané Allah karatoning langit-langit lan bumi iku dalah apa kang ana ing saantarané, lan marang Panjenengané pantoging paran iku
  19. É, para pandhèrèking Kitab! Temen wis tumeka marang sira utusan-Ingsun, anerangaké marang sira ing sabubaring komplangé para utusan, supaya sira ora bakal padha angucap: Ora ana juru-warta bubungah lan juru- pépéling kang tumeka marang aku kéné. Mulané temen, wis tumeka marang sira juru-warta bubungah sarta juru-pépéling; lan Allah iku marang samubarang kawasa
  20. Lan nalikané Musa calathu marang kaumé: O, kaumku! Padha élinga nugrahaning Allah marang kowé, nalikané Panjenengané andadèkaké para nabi ana ing antaramu sarta andadèkaké para ratu marang kowé apa déné amaringi kowé barang kang ora kaparingaké marang para bangsa siji-sijia
  21. O, kaumku! Padha malebua Tanah Suci, kang wus tinamtu ing Allah dadi bagéanira, sarta aja padha ambalik ing gegerira, mun- dhak sira padha dadi wong kapitunan
  22. Dhèwèké padha calathu: O, Musa! saèstu, ing nglebetipun wonten tiyangipun ingkang sami prakosa, lan saèstu kula boten badhé sami malebet mriku, ngan- tos samedalipun saking ngriku, lah manawi piyambakipun medal sa- king ngriku, saèstu kula tumunten sami malebet
  23. Wong lanang loro golongané para kang padha wedi, kang sakaroné wus kaparingan nugraha déning Allah, acalathu: Dhèwèké padha lebonana metu gapurané, mengko manawa kowé wis padha malebu mrono, lah sayekti kowé padha wong menang, lan marang Allah kuduné suméndhému ma- nawa kowé iku padha wong angèstu
  24. Dhèwèké padha calathu: O, Musa! saèstu kula boten badhé malebet mriku salaminipun sa- mangsa piyambakipun taksih sami wonten ing ngriku; milanipun sam- péyan bidhal, sampéyan kaliyan Pangéran sampéyan, lajeng sam- péyan perang sakaliyan; saèstu kula badhé kèndel angentosi ing ngriki
  25. Dhèwèké munjuk: Pangéran kawula! Saèstu kawula boten anguwasani kajawi badan kawula piyambak sarta sadhèrèk kawula; milanipun mugi Tuwan amisahaken kawula kaliyan golongan ingkang murang yekti
  26. Panjenengané angandika: Mulané, sayekti iku dadi larangan ingatasé dhèwèké patang puluh taun; dhèwèké bakal padha klambrangan ana ing bumi; mulané aja sira anggetuni marang golongan kang murang yekti
  27. Lan nyaritakna marang dhè- wèké caritané anaké Adam loro kalawan sanyatané, nalikané saka- roné angurbanaké kurban, ana- nging loro iku kang siji kina- bulaké, sarta ora kinabulaké sijiné. Calathuné: Kowé masthi bakal dakpatèni. calathu: Allah iku mung angabuli para wong bekti
  28. Manawa kowé anibakaké ta- nganmu marang aku amrih patiku, ora bakal aku anibakaké tanganku marang kowé amrih patimu; sa- yekti aku iki wedi ing Allah, Pangéraning ngalam kabèh
  29. Sayekti aku duwé pangarep- arep, supaya kowé nyangga dosané panyerang marang aku lan dosa- mu, lah kowé bakal dadi èwoné wong-wong kang ngenggoni geni, lan mangkéné iki walesé para kang atindak dudu
  30. Ing kono atiné anggadhang- aké dhèwèké matèni saduluré, dadi banjur kelakon matèni dhèwèké; mulané dhèwèké dadi èwoné para wong kang kapitunan
  31. Tumuli Allah angutus gagak, dhukir-dhukir ing le- mah, supaya meruhaké dhèwèké kapriyé pratikelé anutupi wang- kéné saduluré. Dhèwèké cala- thu: Cilaka aku iki! Apa aku iki apes, déné aku teka kaya gagak iki banjur anutupi wangkéning sadu- lurku? Mulané dhèwèké dadi èwo- né para wong kang padha getun
  32. Amarga saka mangkono iku, Ingsun anamtokaké ing angger ma- rang para turun Israil, sapa-sapa sing amatèni jiwa ora jalaran jiwa utawa agawé wisuna ing bumi, lah iku kaya amatèni manusa kabèh; lan sapa sing anguripi jiwa, lah iku kaya nguripi manusa kabèh lan sayekti temen wis tu- meka para utusan-Ingsun marang dhèwèké kalawan tandha-tandha yekti, ananging akèh-akèhé, ana ing bumi padha keladuk tindaké
  33. Pidanané para kang padha amerangi Allah lan utusan-É sarta padha anindakaké agawé wisuna ing bumi iku kang mesthi kudu padha dipatèni utawa padha di- penthèng utawa dikethok tangané lan sikilé aseling sisih, utawa dikunjara; mangkéné iki mi- nangka pangina tumrap dhèwèké ana ing bumi, lan ana ing akhirat bakal olèh siksa kang gedhé
  34. Kajaba para kang padha tobat ing sadurungé dhèwèké padha ana ing kuwasanira; mulané padha weruha, yèn Allah iku Aparamarta, Mahaasih
  35. É, para kang padha angèstu! Padha di bekti ing Allah sarta angupayaa lantaran kang marekaké marang Panjenengané tuwin padha nyrempenga ing dadalan-É, supaya sira padha begja
  36. Sayekti para kang padha kafir, sanajan ta padha andar- bénana sabarang kang ana ing bumi kabèh, sarta samono engkas, iku padha dienggoa nebusi siksa ing dina kiyamat: ora bakal padha kinabulaké, lan bakal padha olèh siksa kang nglarani
  37. Padha sumedya arep metu saka ing geni, lan ora pisan padha bisa metu saka ing kono, lan bakal padha olèh siksa kang awèt
  38. Lan maling lanang lan maling wadon, lah padha ke- thoken tangané, minangka pidana apa panggawéné sakaroné, siksa minangka pangilon saka ing Allah; lan Allah iku Minulya, Wicak- sana
  39. Ananging sapa sing tobat ing sawisé tindaké dudu lan ambe- cikaké kalakuané, lah sayekti Allah iku wangsul marang dhèwèké; sayekti Allah iku Apara- marta, Mahaasih
  40. Apa sira ora weruh, yèn Allah iku Ingkang-kagungan karatoning langit-langit lan bumi; Panjene- ngané aniksa sapa sing dadi karsa- Né lan angapura marang sapa sing dadi karsa-Né; lan Allah iku ma- rang samubarang kawasa
  41. É, Utusan! Aja nganti para kang padha babalapan marang ing kakafiran iku anusahaké marang sira, yaiku panunggalané para kang cangkem-cangkemé padha muni: Kula punika sami angèstu, ana- nging atiné padha ora angèstu, sar- ta panunggalané para kang padha Yahudi; dhèwèké padha tukang ngrungokaké kanggo preluning doracara, tukang ngru- ngokaké kanggo perluning wong- wong liya, kang ora tumeka marang sira; dhèwèké padha angowahi tembung ing sawisé panggonané,a calathuné: Yèn iki diwenèhaké marang kowé, ya tampanana, lan manawa iku ora diwènèhaké marang kowé, lah dingati-ati; sapa sing dikarsakaké déning Allah pinaringan coba, lah ora bisa sira nguwasani dhèwèké sathithik-thithika mungguhing Allah. Iki para kang Allah ora angarsakaké anucèni ati-atiné; ana ing donya bakal padha olèh asor, lan ana ing akhirat bakal padha olèh siksa kang gedhé
  42. Dhèwèké padha tukang ngru- ngokaké marang doracara, tukang mangan barang larangan; mulané manawa dhèwèké padha teka marang sira, lah sira benerana dhèwèké utawa sira emohana, lan manawa sira angemohi dhèwèké, dhèwèké ora bakal ambabayani apa-apa marang sira, lan manawa sira beneri, lah sira benerana dhèwèké kalawan adil; sayekti Allah iku remen marang wong kang padha nindakaké adil
  43. Lan kapriyé déné dhèwèké padha andadèkaké sira juru- ambebeneri, lan dhèwèké padha nyekel Taurèt, isi putusaning Allah? Éwadéné sawisé mangkono banjur maléngos, lan dhèwèké iku dudu wong kang padha angèstu
  44. Sayekti Ingsun wus andha- wuhaké Taurèt, isi tuntunan lan papadhang; nganggo iki para nabi kang padha sumarah anggoné ambebeneri ma- rang para kang padha Yahudi, mangkono uga para pandhitané lan para winasisé, amarga iki kuduné padha rumeksa Kitabing Allah, sarta dhèwèké iku padha saksi ingatasé prakara iku; mulané aja wedi manusa lan wedia Ingsun, lan aja padha anampani pangaji sathithik liruné timbalan-timbalan-Ingsun; lan sapa sing ora ambebeneri kalawan apa kang kadhawuhaké déning Allah, lah iki para wong kafir
  45. Ana ing sajroné, Ingsun wus anamtokaké angger ingatasé dhè- wèké, nyawa nyaur nyawa, lan mripat kalawan mripat lan irung kalawan irung sarta untu kalawan untu, sarta rajatatu ana wawa- lesé; ananging sapa sing ang- rilakaké iku, iya bakal olèh lili- ru; lan sapa sing ora ambebeneri kalawan apa kang kadhawuhaké déning Allaha lah iki para kang atindak dudu
  46. Banjur ing lakune para nabi, Ingsun ngutus Yesus, putra Maryam, negesake Toret sing wis kaandharake sadurunge dheweke. Lan Aku menehi Injil sing ngemot pandhuan lan pepadhang lan negesake apa sing dicethakake ana ing Toret - pandhuan lan piwulang tumrap wong sing wedi karo Gusti Allah
  47. Lan para pandhèrèking Injil dimèn padha ambebeneri kalawan apa kang kadhawuhaké déning Allah ana ing jeroné; lan sapa sing ora ambebeneri kalawan apa kang kadhawuhaké déning Allah, lah iki para kang murang yekti
  48. Lan Ingsun wus andha- wuhaké Kitab marang sira kalawan yekti, minangka ambeneraké apa kang ana ing ngarepé, yaiku Kitab,a sarta minangka kang anjaga marang iku, mulané sira ambebenerana dhèwèké kalawan apa kang kadhawuhaké déning Allah, lan aja manut pépénginané kang asor saka barang yekti kang wus tume- ka marang sira; tumrap sira kabèh, siji-sijiné, Ingsun wus anetepaké angger-angger lan dadalan, lan saupama Allah angarsakaké, amas- thi sira kabèh kadadèkaké umat sawiji, ananging Panjenengané kapareng anyoba ing sira ing dalem barang kang wus kapa- ringaké marang sira, mulané padha sira babalapana marang panggawé-panggawé becik; ma- rang Allah enggon balinira kabèh, banjur Panjenengané bakal ama- ringi weruh apa kang padha sira pasulayakaké iku
  49. Lan supaya sira ambebene- rana dhèwèké kalawan apa kang kadhawuhaké déning Allah, lan aja manut pépénginané kang asor, sarta sira diprayitna marang dhè- wèké, manawa padha amaéka ing sira saka sapérangané apa kang kadha- wuhaké déning Allah marang sira; ananging manawa dhèwèké padha mléngos, lah weruha sira, manawa Allah karsa angenani patrapan dhè- wèké, amarga saka sawenèhing kaluputané; lan sayekti, kèh- kèhaning manusa iku padha murang yekti
  50. Lah apa ta bebenerané kabodhoan kang padha dikarepaké? Lan sapa ta juru- ambeneri kang luwih becik tinimbang Allah, tumrapé wong kang padha yakin
  51. É, para kang padha angèstu, aja sira padha angalap mitra para Yahudi lan para Nasrani;a kang sawenèh iku mitrané sawenèhé, lan sapa sira sing amimitran karo dhèwèké, lah sayekti iya golo- ngané; sayekti Allah iku ora anuntun para wong kang padha atindak dudu
  52. Mulané sira weruh para kang ing jeroning ati-atiné padha isi lalara, padha gagancangan ang- golong dhèwèké, calathuné: Aku padha kuwatir yèn babaya angenani aku kabèh; ananging manawa-manawa Allah bakal ama- ringaké kamenangan utawa pidana saka ing ngarsa-Né, satemah dhèwèké bakal padha kaduwung, amarga saka anggoné padha an- dhelikaké barang ana ing jiwané
  53. Lan para kang padha angèstu bakal padha calathu: Apa iki para kang padha supata kanthi Allah kalawan man- thenging supatané, yèn dhèwèké sayekti temen-temen réwangira? Muspra sakèh panggawéné, mula- né padha dadi wong kang padha kapitunan
  54. É, para kang padha angèstu! sapa sira yèn ana kang ambalik saka agamané, iku Allah bakal anekakaké wong-wong kang padha Ditresnani sarta padha tresna ing Panjenengané, andhap-asor ma- rang para angèstu, minulya atas para kafir; bakal padha nyrempeng ing dadalaning Allah lan ora padha wedi marang panacadé wong kang nacad; iki lubèré kadarmaning Allah, kaparingaké sapa kang dadi kapareng-É; lan Allah iku Jembar- paparingé, Ngudanéni
  55. Mitranira iku mung Allah lan Utusan-É sarta para angèstu, para kang padha anjumenengaké salat, lan padha ambayar zakat, lan dhèwèké padha rukuk
  56. Lan sapa sing ngapèk mitra Allah lan utusan-É sarta para angèstu, lah sayekti, papanthaning Allah, iku kang padha menang
  57. É, para kang padha angèstu! Aja sira padha ngalap pangayoman para kang wus padha kaparingan kitab ing sadurungira sarta para kafir, kang anganggep agamanira iku guguyon lan dolanan; lan padha di bekti ing Allah, manawa sira padha wong angèstu
  58. Lan manawa sira anguwuh marang salat, iku padha digawé guguyon lan dolanan; iki amarga dhèwèké iku wong kang padha ora ngerti
  59. Calathua: É, para pandhèrè- king Kitab! Apa kowé padha gething marang aku kajaba mung dumèh aku padha angèstu ing Allah sarta apa kang kadhawuhaké marang aku lan apa kang kadhawuhaké ing sadurungku, lan déné kèh-kèhané sira iku padha murang yekti
  60. Calathua: Apa kowé padha gelem dak kandhani luwih ala tinimbang iki wawalesé mungguhing Allah? sapa kang dila’nati déning Allah sarta kang katibanan bendu-Né, tuwin ana kang padha kadadèkaké kethèk lan cèlèng apa déné kang ngabdi sétan; iki padha luwih ala panggonané sarta luwih sasar saka dalan kang bener
  61. Lan nalikané padha teka ma- rang sira padha calathu: Kula sami angèstu; lan sanyata, lumebuné kalawan kakafiran sarta temen metuné iya kalawan iku; lan Allah iku luwih wikan marang apa kang padha diumpetaké
  62. Lan sira bakal weruh, dhè- wèké iku sapirang-pirang kang padha gancang-gancangan marang dosa lan murang bener, sarta anggoné padha mangan barang kang olèhé sarana laku ora bener; temen ala apa kang padha dilakoni iku
  63. Yagéné para pandhitané lan para winasisé padha ora menging dhèwèké anggoné padha ngucap dosa lan anggoné padha mangan barang kang olèhé sarana laku ora bener? Temen ala apa kang padha ditindakaké
  64. Lan para Yahudi padha cala- thu: Astaning Allah iku kabanda! Tangan-tangané kang bakal padha binanda sarta bakal padha dila’nati amarga saka anggoné padha calathu mau. O, balik asta-Né karo pisan padha mulung, Panjene- ngané apaparing kapriyé sakarsa- Né; lan sayekti, dhèwèké iku sing akèh-akèh, apa kang kadhawuhaké marang sira saka Pangéranira, iku temen angundhakaké anggoné an- daluya lan anggoné kafir; lan Ingsun andèkèkaké mumungsuhan lan gegethingan ana ing antarané dhèwèké tumeka dina kiyamat;a saben-saben padha angurubaké genining paprangan, iku Allah sing nyirep, sarta dhèwèké padha tu- mindak agawé wisuna ing bumi; lan Allah iku ora remen para wong kang agawé wisuna
  65. Lan saupama para pandhèrèk- ing Kitab iku padha angèstua lan padha bektia, amasthi dhèwèké Ingsun alingi panggawé-pangga- wéné kang ala, lan amasthi bakal Ingsun lebokaké ing taman nu- graha
  66. Lan saupama dhèwèké padha anjejegna Taurèt lan Injil lan apa kang kadhawuhaké marang dhè- wèké saka ing Pangérané, amasthi bakal padha mangan saka ing dhuwuré lan saka ing sangisoring sikil-sikilé; sawenèhé iya ana sagolongan kang burus tindaké, lan sing akèh-akèh ala barang kang padha dilakoni
  67. É, Utusan! anekakna apa kang kadhawuhaké marang sira saka ing Pangéranira; lan manawa sira ora nindakaké, lah sira iya ora nekakaké ayahan-É; lan Allah bakal anyalametaké sira saka ing manusa; sayekti Allah iku ora nuntun wong kang padha kafir
  68. Calathua: É, para pandhèrè- king Kitab, ora pisan sira iku manut barang becik,a kajaba manawa sira wis padha anjejegaké Taurèt lan Injil lan apa kang kadhawuhaké marang sira saka Pangéranira; lan apa kang ka- dhawuhaké marang sira saka Pangéranira iku temen angun- dhakaké pambalasar lan kakafiran tumrap dhèwèké kang akèh-akèh; mulané aja sira anusahaké marang wong kang padha kafir
  69. Sayekti para kang padha angèstu lan para kang padha Yahudi lan para Sabiûn lan para Nasrani, _ sapa sing angèstu ing Allah lan dina akhir lan atindak becik – iya ora bakal kataman wedi sarta ora padha susah.a
  70. Yekti temen Ingsun wis mun- dhut prajanjiané para turun Israil lan Ingsun wis angutus para utusan marang dhèwèké; saben-saben ana utusan teka marang dhèwèké kala- wan barang kang ora dadi pépé- nginaning jiwané, sing sapantha padha anggorohaké lan sing sapan- tha manèh padha matèni
  71. Lan dhèwèké padha ngira manawa ora bakal ana coba, mulané padha wuta lan tuli; tumuli Allah bali wilasa-Né marang dhè- wèké, ananging dhèwèké sing akèh banjur padha wuta lan tuli; lan Allah iku amirsani apa kang padha dilakoni
  72. Wong-wong sing ujar, "Allah iku Mesias, putrane Maryam," mesthi padha ora precaya. Sang Mesias ˹himelf˺ ujar, "He Bani Israel! Nyembah marang Allah - Pangeran kawula lan Pangeranmu. " Sapa wae sing ana gandhengane karo Allah ing ibadah, mesthine bakal dilarang swarga dening Allah. Omahé bakal dadi Geni. Lan wong duraka ora bakal duwe pitulung
  73. Wong-wong sing ujar, "Allah iku siji ing Tritunggal," mesthi padha ora precaya. Mung ana siji Gusti Allah. Yen dheweke ora mandheg ngandhani kaya ngono, wong-wong sing ora precaya ing antarane bakal entuk paukuman sing nglarani
  74. Lah apa ta dhèwèké padha ora arep bali marang Allah sarta padha nyuwun pangapura-Né? Lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih
  75. Mesias, putrane Maryam, ora mung utusan. ˺ Akeh ˺ messenger sing teka lan teka sadurunge. Ibune wanita sing bener. Kalorone mangan panganan. Deloken kepiye carane Kami pratandha supaya pratandhane, nanging priksa manawa cidra kasebut digawe salah saka bebener˺
  76. Ngomong, ˹O Nabi, ˺ "Kepiye sampeyan bisa nyembah kajaba Allah, wong-wong sing ora bisa gawe piala utawa mupangate sampeyan? Lan Allah iku Maha Kuwasa, kang Maha Kuwasa, lan Maha Ngerti
  77. Kandhane, "He Wong-wong ing Buku! Aja nganti luwih gedhe iman sampeyan ngluwihi kayekten, utawa aja nuruti pepenginane wong-wong sing padha kesasar sadurunge. Dheweke nyasarake akeh lan kesasar saka dalan sing bener
  78. Wong-wong kafir ing antarane Bani Israel dikutuk ing wahyu David lan Yesus, putrane Maria. Iki kanggo nglanggar lan nglanggar
  79. Padha ora gelem penging- pinenging saka panggawé nistha kang padha dilakoni; temen ala apa kang padha dilakoni
  80. Sira bakal weruh, dhèwèké sapirang-pirang kang padha apa- wong mitra para kang padha kafir; temen ala apa kang disadhiyakaké déning jiwa-jiwané tumrap marang dhèwèké, déné Allah dadi ora rena marang dhèwèké, lan ana ing sajroning siksa olèhé bakal padha manggon
  81. Lan yèn ta padha angèstua ing Allah lan nabi sarta apa kang kadhawuhaké marang dhèwèké, ora bakal padha angalap pawong mitra dhèwèké, ananging dhèwèké iku sing akèh padha murang yekti
  82. Temen sira bakal nemu banget-bangeting manusa kang mungsuh marang para kang padha angèstu iku para Yahudi lan para kang manembah pangéran akèh, lan sira bakal nemu kang padha luwih raket mimitrané marang para kang padha angèstu, iku para kang padha calathu: Aku iki Nasrani; iki amarga dhèwèké iku ana brah- manané lan maratapané lan amarga dhèwèké iku padha ora gume- dhé
  83. Lan manawa dhèwèké padha krungu apa kang kadhawuhaké marang utusan, sira weruh mripaté padah nrocos eluhé, amarga saka anggoné padha weruh ing yakti; padha acalathu: Pangéran kawula! kawula sami angèstu, milanipun mugi Tuwan kapareng anyerat kawula nunggil para saksi
  84. Lan yagéné aku padha ora angèstu ing Allah sarta barang yakti kang wis tumeka marang aku, kang mangka aku padha kayungyun, amrih Pangéranku anglebokaké aku nunggal para wong tulus
  85. Mulané Allah angganjar dhè- wèké patamanan, kang ing jeroné kali-kaliné padha mili, amarga sa- ka pangucapé mau, supaya padha manggon ing kono; lan iki ganja- rané para kang padha agawé becik
  86. Wondéné para kang padha kafir lan padha anggorohaké timbalan-timbalan-Ingsun, iki para mitraning geni
  87. É, para kang padha angèstu! aja sira padha anglarangi barang angresepaké, kang Allah angenakaké tumrap marang sira lan aja padha anerak wates; sayekti Allah iku ora remen marang para kang padha anerak wates
  88. Lan padha mangana barang paparingé Allah marang sira, kang kaidèn kang angresepaké, lan pa- dha di bekti ing Allah, Kang padha sira èstu
  89. Allah ora anganggep ing sumpahira kang kalawan lahan,a ananging Panjenengané anganggep sumpah kang kalawan pupun- tonira; mulané tebusané mènèhi pangan wong miskin sapuluh, arupa kang sedhengan kang sira anggo ngingoni bra- yatira, utawa padha sira sandhangi, utawa mardikakaké gulu siji; nanging sapa sing ora bisa éntuk lah puwasa telung dina; iki tebusané sumpahira manawa sira nibakaké sumpah; lan padha ngreksaa sumpahira. Kaya mang- kono Allah anggoné anerangaké timbalan-timbalan-É marang sira, supaya sira padha atur panuwun
  90. É, para kang padha angèstu! sajeng lan ngabotohanb lan watu kang padha ditata ngadegc sarta panah d iku ora liya lelethek panggawéning sétan, mulané sira dohana, supaya sira padha begja
  91. Sétan iku mung ngarah arep nukulaké mumungsuhan lan gege- thingan ing antaranira asarana sa- jeng lan ngabotohan, sarta anyegah sira saka éling maring Allah tuwin saka ing salat; lah apa ta sira arep padha marèni
  92. Lan padha ambangun-turuta maring Allah sarta padha am- bangun-turuta marang Utusan lan padha di ngati-ati; ananging mana- wa sira padha mléngos, lah padha sira weruha, manawa sasanggané Utusan-Ingsun iku mung ane- kakaké kalawan terang
  93. Ingatasé para kang padha angèstu lan anglakoni panggawé becik, ora pisan ana cacadé ing sajroné barang kang kapangan, manawa padha ngati-ati sarta padha angèstu tuwin padha anglakoni panggawé becik, tumuli padha ngati-ati sarta padha agawé becik ; lan Allah iku remen marang para kang padha agawé becik
  94. É, para kang padha angèstu, yekti Allah bakal anyoba ing sira tumrap sawenèhing buburon, kang bisa kacekel déning tangan- tanganira lan towokira, supaya Allah anguningani sapa sing wedi marang Panjenengané ana ing pasepèn; mulané, sapa sing anerak wates sawusé mangkéné iki, iya bakal olèh bagéan siksa kang nglarani
  95. É, para kang padha angèstu! aja padha matèni buburon sajroné sira isih nglakoni haji, lan sira, sapa sing amatèni kalawan jaragan, lah wawalesé kéwan ingon sa- timbangé apa kang wis dipatèni, miturut anggoné ambebeneri golo- nganira wong loro kang padha ngadil, minangka atur-atur tinekak- aké ing Ka’bah, utawa, tebusané, awèh pangan marang wong-wong miskin, utawa puwasa satimbangé iki, supaya dhèwèké angrasakna ora beciking kadadéaning pang- gawéné; Allah angapura apa kang wis kapungkur; lan sapa sing angambali manèh, Allah bakal ani- bakaké wawales marang dhèwèké; lan Allah iku Minulya, Gustining Wawales
  96. Dikenakaké tumrapé sira buroné sagara sarta pangané, minangka pangan tumrap ing sira sarta tumrap para lalaku, lan dilarangi ingatasé sira buroning dharatan sasuwéné sira anglakoni haji, lan padha di bekti maring Allah, kang sira iku bakal padha ingimpun marang Panjenengané
  97. Allah wus andadèkaké Ka’- bah, Padaleman Suci, dadi minangka pikuwat tumrap para manusa apa déné sasi suci sarta atur-atur tuwin babanten kang linungsir-lungsir;a mangkéné iki supaya sira padha weruha, yèn Allah iku anguningani sabarang kang ana ing langit-langit lan sabarang kang ana ing bumi, lan yèn Allah iku Ingkang-Mahawikan ing samubarang
  98. Padha weruha, yèn Allah iku abanget piwalesé , sarta yèn Allah iku Aparamarta, Mahaasih
  99. Sasangganing Utusan iku ora liya kajaba anekakaké , lan Allah iku anguningani apa kang padha sira wedhar lan apa kang padha sira singidaké
  100. Calathua: Ora padha barang ala karo barang becik iku sanajan ta anggumunaké marang sira kèhé barang ala iku; mulané padha di bekti maring Allah, é, para kang ana akalé, supaya sira padha begja
  101. É, para kang padha angèstu! aja padha atatakon barang-barang, kang manawa diwedharaké marang sira, bakal anusahaké sira, lan ma- nawa iku padha sira takokaké na- likané Quran didhawuhaké, bakal diwedharaké marang sira; Allah angapura prakara iki, lan Allah iku Aparamarta, Momot
  102. Wong-wong ing saduru- ngira temen padha takon prakara iku, tumuli padha dadi kafir amar- ga saka prakara iku
  103. Allah ora andadèkaké bahîrah lan sâibah lan washîlah sarta hâmi, ananging para kang padha kafir agawé-gawé goroh ditibakaké ma- rang Allah, lan dhèwèké iku sing akèh-akèh padha ora ngerti
  104. Lan nalikané padha dikan- dhani: Ayo padha mrénéa mara marang apa kang wus kadha- wuhaké déning Allah lan marang Utusan, padha acalathu: Wis cukup tumrapé aku apa kang wis padha tinemu ana ing bapak-bapakku. Apa! Apa ya sanajan bapak- bapakné padha ora weruh barang- barang sarta padha ora nurut dalan kang bener
  105. É, para kang padha angèstu! padha di rumeksa ing jiwanira; sasaring wong iku ora ambabayani marang sira, manawa sira padha ngambah dalan bener; marang Allah bakal balinira kabèh baé, banjur Panjenengané bakal aparing weruh marang sira apa kang wis sira lakoni
  106. É, para kang padha angèstu! manawa pati amareki salah sawijinira, nalika atinggal weling, anguwuha wong loro kang ngadil saka golonganira, supaya aneksèni ing antaranira, utawa wong loro liyané saka saliyané golonganira manawa sira pinuju lulungan ing bumi mangka babaya pati angenani ing sira; sakaroné sira candheta nganti sabubaring salat; tumuli, manawa sira semang- semang supaya sakaroné padha sumpah ing Allah, : Iki, aku ora bakal padha angurupaké ajèn-ajèn, sanajan ta sanak, lan ora bakal aku padha angumpet pasaksining Allah, amarga aku iki mundhak padha kalebu èwoné para wong dosa
  107. Lah, manawa kasumurupan, sakaroné padha atindak dosa, iya banjur anaa loro liyané minangka gegentiné sakaroné saka golongané kang padha angluputaké dhèwèké, padha sanak cedhak sakaroné; banjur sakaroné padha sumpaha kalawan Allah: Pasaksiku iki temen luwih nyata tinimbang pasaksiné sakaroné, lan aku padha ora amlangkah wates, amarga aku iki mundhak padha kalebu èwoné para wong atindak dudu
  108. Iku luwih mungguh, amrih padha amènèhaké pasaksi kalawan apa anané, utawa padha kuwatir manawa sawisé anggoné padha sumpah, tinungka ing sumpah liyané; lan padha di ngati-ati marang Allah sarta padha angrungokna; lan Allah iku ora anuntun para wong kang murang yekti
  109. Ing dinané Allah bakal angimpun para utusan, banjur angandika: Kapriyé anggonira pa- dha katampanan? Padha munjuk: Kawula sami boten gadhah sesere- pan, saèstu Tuwan punika Ing- kang-Mahawikan ing samukawis ingkang boten katingal
  110. Lan ing Dina Kiamat˺ Allah bakal munjuk, "He Yesus, anak Maryam! Elingi sih-Ku marang sampeyan lan ibumu: kepiye aku nyengkuyung sampeyan karo roh suci saengga sampeyan ngomong karo wong-wong nalika isih diwasa lan diwasa. Kepiye aku mulang sampeyan nulis, kawicaksanan, Torah, lan Injil. Kepiye cara nyetak manuk saka lempung — miturut Karsanaku — lan ambegan lan dadi manuk ˹real˺ - dening Karsanaku. Kepiye marasake awakmu wuta lan lara kusta - miturut Karsanaku. Kepiye sampeyan nguripake wong mati - miturut Karsanaku. Kepiye aku ngalang-alangi Bani Israel ora ngrusak awakmu, nalika sampeyan teka kanthi bukti sing nyata lan wong-wong kafir ing antarane padha ujar, "Iki ora liya sulap murni
  111. Lan kepiye aku menehi inspirasi marang para sakabat, "Pracayaa marang Aku lan utusanku!" Dheweke ujar, "Kita padha precaya, lan nekseni, manawa kita bakal tunduk marang Allah
  112. ˹ Elingi˺ nalika para sakabat takon, "He Yesus, anak Maryam! Apa Pangeranmu gelem nurunake meja kanggo kita sing kasebar ing swarga? " Gusti Yesus mangsuli, "Wedi marang Allah, yen kowé padha precaya
  113. Wong-wong mau ujar, "Kita mung pengin mangan panganan iki kanggo ngiyatake ati kita, manawa sampeyan yakin manawa sejatine sejatine kita lan bakal dadi seksine
  114. Gusti Yesus, putrane Maria, ndedonga, "Ya Allah, Gusti kawula! Ayo, kirim swarga marang aku ana meja sing kasebar karo panganan minangka riyaya kanggo awake dhewe - sing pertama lan sing terakhir - lan minangka pratandha saka Sampeyan. Nyedhiyakake kanggo kita! Sampeyan pancen Panyedhiya Paling Apik. ”
  115. Allah mangsuli, "Aku bakal ngirimi sampeyan. Nanging sapa ing antaramu sing nolak mengko, dheweke bakal kena siksa, lan aku ora nate nyipta sapa wae saka titahKu
  116. Lan ing Dina Kiamat˺ Allah bakal munjuk, "He Yesus, anak Maryam! Apa sampeyan nate njaluk marang wong-wong supaya nyembah sampeyan lan ibumu dadi dewa kajaba Allah? ” Dheweke bakal mangsuli, “Kamulyan! Kepiye aku bisa ngomong apa sing ora dakkandhakake? Yen aku wis ngomong kaya ngono, sampeyan mesthi bakal ngerti. Sampeyan ngerti apa sing ana ing njero ati, nanging aku ora ngerti apa sing ana ing njero ati. Pancen, Sampeyan ˺tunggale˺ iku Ngerti kabeh sing ora katon
  117. Aku ora nate ngandhani apa-apa kajaba prentah sing Dakkandhani: "Sembah marang Allah - Pangeran kawula lan Pangeranmu!" Lan aku dadi seksi tumrap dheweke sajrone aku tetep ana ing antarane wong-wong mau. Nanging nalika Sampeyan njupuk aku, Sampeyan dadi Seksi kanggo dheweke - lan Sampeyan dadi Seksi kanggo kabeh perkara
  118. Yen Sampeyan ngukum wong-wong mau, kabeh bakal kagungane Sampeyan. Nanging yen Sampeyan ngapura, mesthine sampeyan iku Maha Kuwasa, Wicaksana
  119. Allah arsa ngandika: Iki dina, kang para wong temen olèh paédah saka temené; bakal padha olèh patamanan, kang ing jeroné kali-kaliné padha mili, padha manggon ana ing kono salawasé; Allah sarju ing Panjenengané; iki pakolih kang gedhé
  120. Kagunganing Allah karato- ning langit-langit lan bumi iku lan sabarang kang ana ing kono; lan Panjenengané iku marang samu- barang kawasa